16 Agustus, 2013

TEMBUNG MBANGETAKE


                Wong Jawa duwe cara kanggo mbangetake surasaning sawetara tembung. Ana saperangan tembung kang ora ana ing Bausastra Jawa (kamus Jawa). Ing ngisor iki dakaturake saperangane. 
1.Bunder banget  = bunder kepleng/seser
2.Cilik banget  = cilik menthik
3.Cendhek banget = cendhik
4.Dhuwur banget = pethit
5.Abang banget = abing/abang mbranang
6.Ireng Banget = ireng thuntheng
7.Dhuwur  banget = sundhul puyuh
8.Dawa banget = dowi
9.Cethek banget = cethik
10.Amba banget = ombi
11.Peteng banget = peteng ndhedhet.
12.Ora landhep = kethul
13.Gedhe banget = gedhi
14.Suwe banget = suwi
15.Padhang banget = padhing/padhang njingglang
16.Biru banget = biru kecu (semu ireng)
17.Cedhak banget = cedhek, meped
18.Akeh banget = akih
19.Sepi banget = sepi nyenyet
20.Jembar banget = jembar gilar-gilar

Tidak ada komentar: