Wis akeh wong Jawa sing lali arane kembang-kembang tetuwuhan kang biyen ngrenggani panguripan padinane. Ing blog iki dak-up date maneh informasine saka sanak tani, sedulur lan buku seratane Padmosoekotjo kang dibabar tahun 1967. Emane aku durung nemu arane kembang jeruk.
Mangga sing wis ana disemak lan diwulangake maneh marang bocah-bocah sekolah kareben wong Jawa ora kelangan budayane.
1.Aren---dangu
2.Nipah---dongong
3.Nangka---babal
4.Cubung/kecubung---torong
5. Cengkeh---polong
6.Jambu---karuk
7.Kencur---sedhet
8.Kanthil---gadhineg
9.Kacang---bundhel/besengut
10.Kara---kepek
11.Krambil/klapa---manggar
12.Kelor---limaran
13.Tebu---gleges
14.Suruh---drenges
15.Salak---ketheker
16.Pohung/tela kaspa/kaphia---ingklik
17.Lombok---menik
18.Pandhan---pudhak
19.Jengkol---cuwis
20.Pete---pendhul/penthul
21.Jati---janggleng
22.Mlinjo---uceng
![]() |
Uceng (sing cilik-cilik) kembang Mlinjo. |
23.Gedhang---onthong/jantung/tuntut
24.Blimbing---Maya
![]() |
Jantung/tuntut/onthong kembang gedhang. |
25.Kapas---kadi
26.Kopi---blanggreng
27.Duren---dlongop.
28.Jagung---sinuwun (merga kembange ana
pucuk jagung)
![]() |
Sinuwun, kembang jagung. diarani sinuwun merga posisine ana pucuk. |
29.Kluwih---onthel
30.Jambe---mayang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar