13 Agustus, 2013

TENUN PUSAKO Hj.SANUAR




DIKIRA TURIS MALAYSIA
Kebacut kepencut marang omah tradisional Minangkabau, aku ngotot mertamu menyang Rumah Pusako. Kamangka ora duwe niat blanja kain, lho. Mung kepengin mertamu, syukur oleh meruhi koleksi kain sing diproduksi Rumah Pusako.
Sakjane rada gojag-gajeg nalika mudhun saka mobil. Weruh Rumah Pusako wae aku bisa mbayangake regane kain tenun kang didagangake.
Rumah Pusako iku omah panggung khas Minangkabau. Bolak-balik ngucap salam, ora ana sing mangsuli. Ing njero omah iku sing katon lemari, pajangan pelaminan lan gelaran kain-kain tenun kang endah. Wualaaaahhh ana kain uapiik-uaapiik. Luwih ngungun maneh, ora ana sing jaga. Kabeh ngablak. Wualah walaaahhh, yen ana ing kutha gedhe isine rak ya wis bablas digondhol maling!
Aku balik mudhuni undhak-undhakan Rumah Pusako. Ana wong wadon nggendhong bocah cilik mecungul saka gang. “Sebentar saya panggil nenek,” janjine ibu muda iku? Ha? Nenek?
Ora sabar, aku mlebu maneh. (wah pancen nekat sing kagungan dalem durung manggake he..he…)

Rumah Pusako wujude omah panggung, lantaine kayu. Kabeh dinding lan sakane ukiran kembang. Takjub aku nalika meruhi , Mripatku wiwit meruhi pyan Rumah Pusako direngga kain sulam Kepala Peniti (jinis sulaman tangan!) kang aluus banget. Ing pojok sisih tengen omah ana pajangan pelaminan. Dene sisih kiwa ana meja kursi lan etalase kanggo majang kain-kain tenun. Ing meja endhek, ana mesin bayar. Tandhane sing blanja ana kene bisa mbayar nganggo kartu debet.

Pancen ora ngungun merga kabare ing Rumah Pusako iki akeh wong turis saka Malaysia, pejabat tinggi lan wong brewu Jakarta blanja kain songket ing kene.
Rasa suwe aku nunggu sing kagungan dalem. Hmm… tetela sing metu si Nenek asma Hj.Sanuar kang yuswane saiki 82 tahun!


Sawise dimanggakake dakterangake maksudku mertamu. Ora arep blanja kain, nanging mung kepengin ketemu Hj.Sanuar kang ahli gawe desain kain songket lan nontoni koleksi kaine kang wis atusan taun.
Hj.Sanuar mbrebes mili miring aturku. Panjenengane banjur crita panjang-lebar bab sejarah kain, keluargane lan omah kang dienggoni iku. “Iki omah sing gawe ukiran dan desain omah, bojoku dhewe. Ora saben wong oleh manggon ing omah kang kaya mangkene iki. Bojoku oleh drajad Datuk, dadi bisa manggon omah kaya mangkene iki.”

Sasuwene ngunandika, aku namatake kulite Hj.Sanuar kang wiwit keriput. Nanging ora ninggal sisa ayu lan cerdase.Hj.Sanuar, duwe keahlian nyongket saka leluhure Upik Gadang. Panjenengane lair tahun 1926. Wanita kang hobi njahit iku karma karo guru, aran Anwar Djalil St.Sinaro. Peputra papat, aran Amnah,Adyan,Syahdiar, lan Rozamon. Pak Anwar seda tahun 1974. Mula Hj.Sanuar karma maneh karo ahli ukir kayu lan lukis, Ramli Dt Rangkayo Sati.
Datuk Ramli iki kang tembene nggiatake pemuda nagari Pandai Sikek ngukir kayu. Saiki ing Pandai Sikek akeh sing dadi seniman ukir kayu, kaya ing Jepara (Jateng).



Nah, tahun 1975 Hj.Sanuar wis wiwit giat nenun. Asile asring dipamerake kanggo tamu-tamu Manawa Pak Ramli ngadani pameran seni ukir. Pungkasane usahane Hj.Sanuar ngrembaka tenan nganti garwane tilar donya. Usahane Hj.Sanuar banjur diwenehi aran Rumah Pusako.
Nalika aku mertamu, kembang teratai ing kolam Rumah Pusako lagi padha mekrok. Mawar, lan aster warna jambon, uga lagi padha mesem manis.Sangisore tlundhakan, hamparan gabah lagi dipepe. Pratandha yen Hj.Sabuar lagi panen beras. 
         “Iki, lho kain-kain songket koleksiku. Umure ana sing 500 tahun nganti 800 tahun. Kain iki daksimpen ing lemari khusus. Ora saben tamu dakwenehi weruh. Merga slirane mertamu mrene mligi kanggo aku, dadi iki kaormatan kanggo slirane,” ngendikane Hj.Sanuar nuduhake telung lembar kain warna abang, ungu lan kecoklatan. Kain-kain iku digelar ing meja. "Aku ora ngerti arane motif tenun iki. Nanging aku njupuk motif-motif iki kanggo kain-kain kang daktenun," ature nambahake.
       Sing njalari aku rada geli, wis crita ngalor-ngidul, Hj, Sanuarngira aku turis saka Malaysia, ck…ck…ck…..(apa praupanku kaya Mak Cik Mak Cik?)

           Rumah Pusako kang elok, adhem, karengga kembang-kembang setaman. iki foto-fotone.
Salam.



Terima kasih dan hormat saya kepada Rumah Pusako
Cp. Hj. Sanuar
+62752498193
http://tenunpusako.wordpress.com

1 komentar:

Rusdi Chaprian mengatakan...

Salam,

Sebelumnya saya minta maaf karena tampa izin mengambil photo ibu di web ini, menurut saya sangat bagus..
namun jika di izinkan saya ucapkan banyak terimakasih tapi jika tidak saya akan menghapusnya kembali...

artikel menarik jawa/padang...
dan melalui ini saya ucapin juga terimakasih ats kunjungan ibu kepadang..tq