09 Mei, 2011

BAWOMATALUO

EKSOTISME NIAS
“Ke Nias?” pitakonku nalika diwenehi undangan perjanalan dinas. Kang sepisanan dakbayangake, aku kudu nyebrang laut sawise mudun saka pesawat ing Bandara Polonia, Medan. Tetela aku salah. Saiki wis ana pesawat (motor mabur/motor muluk) saka Medan langsung menyang Nias. Arane Bandara Binaka ing Desa Gunungsitoli, Nias.

“Yaahowu”, Selamat datang, Sugeng Rawuh, iku tembung kapisan kang dakwaca ing gerbang Bandara nalika aku sarombongan karo kanca wartawan sarta Tim saka PT OT (Orang Tua) kang ngadani kegiatan bakti social pemulihan gizi kanggo anak-anak lan bayi ing Nias.




FAHOMBO
Rampung bakti sosial aku sak rombongan diajak plesiran menyang Desa Budaya Bawomataluo ing Nias, Selatan. Desa Bawomataluo iku desa adat kang isih ngestarekake adat lan budaya leluhur. Omah-omah adat, jogedane, isih lestari nganti seprene.
Saka Nias tumuju Teluk Dalam, dalane mulus tenan, sanadyan nalika dudami gempa tahun 2005, dalane rusak parah. Sadalan-dalan ngliwati pantai kang endahe ngedab-edabi. Langite biru, banyune katon biru semu ijo, pasire putih. Rasane kepenginkekeceh banyu pantai, nanging mobile terus mlayu.




Kurang luwih rong jam perjalanan, rombongan tekan temenan ing Desa Budaya Bawomataluo. Desa iki kabare diusulke menyang Unesco dadi kawasan warisa budaya. Ing desa iki kejaba bisa ketemu tuan rumah turunane Raja, uga disambut kesenian lompat batu Fahombo kang terkenal iku. Yahowuu, selamat datang, sugeng rawuh, tegese.
Fahombo, miturut sejarahe minangka inisiasi nguji ketangkasan fisik lan kesiapan mental bocah lanang ing Nias kang meh aqil balikh. Tetela ora saben pria bisa mlumpat fahombo iki. Ana teknike mlumpati tumpukan watu kang dhuwure kurang luwih rong meter iku. Mulane para turis akeh kang kesengsem lan sawise atraksi pada njaluk foto bareng. Mangga dipriksani.