09 Mei, 2011

BAWOMATALUO

“Ke Nias?” pitakonku nalika diwenehi undangan perjanalan dinas. Kang sepisanan dakbayangake, aku kudu nyebrang laut sawise mudun saka pesawat ing Bandara Polonia, Medan. Tetela aku salah. Saiki wis ana pesawat (motor mabur/motor muluk) saka Medan langsung menyang Nias. Arane Bandara Binaka ing Desa Gunungsitoli, Nias.

“Yaahowu”, Selamat datang, Sugeng Rawuh, iku tembung kapisan kang dakwaca ing gerbang Bandara nalika aku sarombongan karo kanca wartawan sarta Tim saka PT OT (Orang Tua) kang ngadani kegiatan bakti social pemulihan gizi kanggo anak-anak lan bayi ing Nias.



FAHOMBO
Rampung bakti sosial aku sak rombongan diajak plesiran menyang Desa Budaya Bawomataluo ing Nias, Selatan. Desa Bawomataluo iku desa adat kang isih ngestarekake adat lan budaya leluhur. Omah-omah adat, jogedane, isih lestari nganti seprene.
Saka Nias tumuju Teluk Dalam, dalane mulus tenan, sanadyan nalika dudami gempa tahun 2005, dalane rusak parah. Sadalan-dalan ngliwati pantai kang endahe ngedab-edabi. Langite biru, banyune katon biru semu ijo, pasire putih. Rasane kepenginkekeceh banyu pantai, nanging mobile terus mlayu.




Kurang luwih rong jam perjalanan, rombongan tekan temenan ing Desa Budaya Bawomataluo. Desa iki kabare diusulke menyang Unesco dadi kawasan warisa budaya. Ing desa iki kejaba bisa ketemu tuan rumah turunane Raja, uga disambut kesenian lompat batu Fahombo kang terkenal iku.
Fahombo, miturut sejarahe minangka inisiasi nguji ketangkasan fisik lan kesiapan mental bocah lanang ing Nias kang meh aqil balikh. Tetela ora saben pria bisa mlumpat fahombo iki. Ana teknike mlumpati tumpukan watu kang dhuwure kurang luwih rong meter iku. Mulane para turis akeh kang kesengsem lan sawise atraksi pada njaluk foto bareng. Mangga dipriksani.






20 Januari, 2011

AYO, TETEPUNGAN KARO BASA KRAMA
(Mari berkenalan dengan bahasa krama)
Ing basa jawa, ana undha-usuking basa (tingkatan berbahasa) yaiku:
1.Basa Jawa Ngoko
2.Krama Inggil
3.Basa Kraton/Kedhatonan
4.Basa Bagongan




Contone: saka ngoko-krama Inggil-Kedhatonan:
1.Aku----Kula, Dalem, Adalem (Kula, biasanya dipakai untuk bahasa percakapan dengan kedua orangtua atau orang yang lebih tua. Sementara Adalem, biasanya dipergunakan di dalam keraton)
2.Kowe ---Dika, Sapeyan, Panjenengan, Panjenengan Dalem, Sampeyan Dalem (Yang terakhir biasanya dipergunakan khusus untuk raja/ratu. Sedangkan Panjenengan Dalem biasanya dipergunakan untuk menyebut orang yang gelarnya tinggi di lingkungan Kraton. MIsalnya: Pangeran/Putri/anak raja).

Ana maneh basa ing Kraton:
Aku—Manira
Kowe ----Pakenira
Apa---Punapi

Nanging miturut pengalamanku yen pas “dolan” ing Kraton, ketemu para abdi dalem utawa kanca , basa manira, Pakenira, Punapi, wis arang dianggo pangandikan (perbincangan). Nanging abdi dalem kang wis sepuh, kala-kala (kadang-kadang) isih ana sing ngendika nganggo basa kasebut.
Basa Bagongan, yaiku basane para sentana (kerabat kraton) lan abdine. Basa iki mung dianggo ing njero kraton.

Ora---boya
Bae---besaos/wae
Jaran---Kuda (hewan—kuda)

(Nah, 3 kang pungksan iki, manawa saiki dianggo pocapan, keprungu aneh ing kupinge kawula mudha, kaya-kaya dadi basa wayangan/kethoprakan)

Muga-muga ana manfaate. Salam

12 Januari, 2010

Dikira Turis Malaysia






Ketemu Hj.Sanuar
Kebacut kepencut marang omah tradisional Minangkabau, aku ngotot mlebu Rumah Pusako. Kamangka ora duwe niat blanja kain, lho. Mung kepengin mertamu, syukur oleh meruhi koleksi kain sing diproduksi Rumah Pusako. Sakjane rada gojag-gajeg nalika mudhun saka mobil. Weruh Rumah Pusako wae aku bisa mbayangake regane kain tenun kang didagangake.
Rumah Pusako iku omah panggung khas Minangkabau. Bolak-balik ngucap salam, ora ana sing mangsuli. Ing njero omah iku sing katon lemari, pajangan pelaminan lan gelaran kain-kain tenun kang endah. Wualaaaahhh ana kain uapiik-uaapiik. Luwih ngungun maneh, ora ana sing jaga. Kabeh ngablak. Wualah walaaahhh, yen ana ing kutha gedhe rak ya wis bablas digondhol maling!
Aku balik mudhuni undhak-undhakan Rumah Pusako. Ana wong wadon nggendhong bocah cilik mecungul saka gang. “Sebentar saya panggil nenek,” janjine ibu muda iku? Ha? Nenek?
Ora sabar, aku mlebu maneh. (wah pancen nekat sing kagungan dalem during manggake he..he…)



Rumah Pusako wujude omah panggung, lantaine kayu. Kabeh dinding lan sakane ukiran kembang. Takjub aku nalika meruhi , Mripatku wiwit meruhi pyan Rumah Pusako direngga kain sulam Kepala Peniti (jinis sulaman tangan!) kang aluus banget. Ing pojok sisih tengen omah ana pajangan pelaminan. Dene sisih kiwa ana meja kursi lan etalase kanggo majang kain-kain tenun. Ing meja endhek, ana mesin bayar. Tandhane sing blanja ana kene bisa mbayar nganggo kartu debet.

Pancen ora ngungun merga kabare ing Rumah Pusako iki akeh wong turis saka Malaysia, pejabat tinggi lan wong brewu Jakarta blanja kain songket ing kene.
Rasa suwe aku nunggu sing kagungan dalem. Hmm… tetela sing metu si Nenek asma Hj.Sanuar kang yuswane saiki 82 tahun!





 
Sawise dimanggakake dakterangake maksudku mertamu. Ora arep blanja kain, nanging mung kepengin ketemu Hj.Sanuar kang ahli gawe desain kain songket lan nontoni koleksi kaine kang wis atusan taun.
Hj.Sanuar mbrebes mili miring aturku. Panjenengane banjur crita panjang-lebar bab sejarah kain, keluargane lan omah kang dienggoni iku. “Iki omah sing gawe ukiran dan desain omah, bojoku dhewe. Ora saben wong oleh manggon ing omah kang kaya mangkene iki. Bojoku oleh drajad Datuk, dadi bisa manggon omah kaya mangkene iki.”



Sasuwene ngunandika, aku namatake kulite Hj.Sanuar kang wiwit keriput. Nanging ora ninggal sisa ayu lan cerdase.Hj.Sanuar, duwe keahlian nyongket saka leluhure Upik Gadang. Panjenengane lair tahun 1926. Wanita kang hobi njahit iku karma karo guru, aran Anwar Djalil St.Sinaro. Peputra papat, aran Amnah,Adyan,Syahdiar, lan Rozamon. Pak Anwar seda tahun 1974. Mula Hj.Sanuar karma maneh karo ahli ukir kayu lan lukis, Ramli Dt Rangkayo Sati.
Datuk Ramli iki kang tembene nggiatake pemuda nagari Pandai Sikek ngukir kayu. Saiki ing Pandai Sikek akeh sing dadi seniman ukir kayu, kaya ing Jepara (Jateng).


 

Nah, tahun 1975 Hj.Sanuar wis wiwit giat nenun. Asile asring dipamerake kanggo tamu-tamu Manawa Pak Ramli ngadani pameran seni ukir. Pungkasane usahane Hj.Sanuar ngrembaka tenan nganti garwane tilar donya. Usahane Hj.Sanuar banjur diwenehi aran Rumah Pusako.
Nalika aku mertamu, kembang teratai ing kolam Rumah Pusako lagi padha mekrok. Mawar, lan aster warna jambon, uga lagi padha mesem manis.Sangisore tlundhakan, hamparan gabah lagi dipepe. Pratandha yen Hj.Sabuar lagi panen beras. 
         “Iki, lho kain-kain songket koleksiku. Umure ana sing 500 tahun nganti 800 tahun. Kain iki daksimpen ing lemari khusus. Ora saben tamu dakwenehi weruh. Merga slirane mertamu mrene mligi kanggo aku, dadi iki kaormatan kanggo slirane,” ngendikane Hj.Sanuar nuduhake telung lembar kain warna abang, ungu lan kecoklatan. Kain-kain iku digelar ing meja. "Aku ora ngerti arane motif tenun iki. Nanging aku njupuk motif-motif iki kanggo kain-kain kang daktenun," ature nambahake.
       Sing njalari aku rada geli, wis crita ngalor-ngidul, Hj, Sanuarngira aku turis saka Malaysia, ck…ck…ck…..(apa praupanku kaya Mak Cik Mak Cik?)

            Panjenengan arep melu mriksani koleksine Hj Sanuar? Mangga…mangga…ana fotone, kok. Kaelokan kembang-kembang ing platarane Rumah Pusako uga dakbabar ing kene.
Nanging ora kabeh bisa dibabar. Salam.


 
 
 


Cp. Hj. Sanuar
+62752498193
http://tenunpusako.wordpress.com

29 Desember, 2009

Plesiran/Travels Pandai Sikek



"Pandai Sikek Aku Dataaang!"
Saka Bandara Minangkabau, Armen tancap gas menyang nagari (desa) Pandai Sikek kang dakimpi-impi wiwit 7 tahun kepungkur! Wektu aku wawancara karo salah sijine pengrajin lan pengusaha kain songket ing Kota Padang, Pak Zulkifli dan garwane Bu Nelvi. (Maaf Pak Zul, saya enggak mampir ke rumah).
Pak Zul kelairan Pandai Sikek aweh nasihat, manawa kepengin weruh kain songket kang endah, kudu menyang Pandai Sikek. Nasihat itu dakeling-eling terus, malah nganti terobsesi kaya ngapa endahe songket Pandai Sikek? Aku kepengin mbandhingake karo kain-kain songket koleksiku (weee…mung patang lembar…) he..he..he….Jarena Pak Zul Pandai Sikek iku negari kang elok tenan. Ana ing satengahe rereden. Gununge Gunung Merapi!
Saiki aku bisa cerita. Pandai Sikek iku prenahe searah manawa kita arep menyang Bukittinggi. Sakelingku sawise saka Koto Baru, ngiwa. Posisine negari-ne kaya ana ing lembah. Papane adhem. Beda banget karo Padang kang hawane panas. Masyarakate terkenal minangka pengrajin songket turun temurun wiwit ratusan tahun kepungkur (critane nyusul, ya). Uga ana kang dadi pengrajin ukir kayu.
Nah, Pandai Sikek, aku sekarang datang! Mangkono jeritku ing njero mobil. Beda karo ngen-ngenku. Sadawane dalan, Armen ora leren cerita bab bencana gempa bumi ing Padang. Aku diliwatake Padang Panjang kang omah penduduke isih padha retak lan ambruk. Akeh warga isih mapan ing tenda darurat. Aku prihatin, ing satengahe ati kang gembira merga meruhi pemandangan elok tumuju Pandai Sikek.
Mobil sing disetiri Armen mulai rindhik. “Mau ke lembah Anai?” pitakone. Armen nunjuk grojogan utawa air terjun ing pinggir dalan. Oho! Aku langsung parentah Armen supaya markir mobil ing sangerepe pintu gerbang kawasan wisata iku. Aku lan Erna mudhun banjur tuku tiket Rp1.000/person. “Hati-hati licin!” ujare Armen.





Wuah, cipratan banyu grojokan kang anyep njejet langsung nelesi rai lan kerudungku. Ups! Adhem. Aku lan Erna sepakat mung foto-foto. Ora mudhun tekan danau. Daktonton wong-wong kang piknik ing kana uga mung foto-foto banjur lunga. Maklum obyeke ya mung banyu grojokan kaya ing Tawangmangu. Bedane, iki ana ing pinggir dalan gedhe.



Rampung foto, aku ngampiri bakul panganan. Aku tertarik weruh buah kang wujude memper langsep/dhuku. “Ini namanya buah rambai,” ujare sing dodol. Penasaran, durung tau ngicipi rasane buah Rambai, aku tuku sadhompol. Regane Rp2.000. Waduuhh, tetela rasane kuecuuut. Mbokmenawa during tuwa. Dadine mung daksimpen ing kulkas hotel. (nganti balik maneh menyang Jakarta lali ora dakgawa bali), wuekeke…..kkkk.



Mburu wektu, Armen dakajak cepetan tancap gas maneh. “Tidak membasuk muka dulu? Airnya bisa bikin awet muda, lho,” tuture Armen. Haiyah! Kok, lagi omong sawese mlebu mobil. “Sudahlah. Kalau muda terus, nggak bisa ngrasain masa tua.” Erna ngakak krungu wangsulanku.
Ora nganti sejam ing perjalanan, lakune mobil wis tekan Koto Baru. Sawise Rumah Puisi-ne Taufik Ismail, (isih anyar gres) Armen ngajak mandhek maneh. “Belum afdol kalau belum makan kue bika.” Wuaduuhhh kadya tumbu oleh tutup. Dhasar weteng keroncongan, AC mobil kenceng, grimis pisan. Eteng tambah luwe. Akhire aku mudhun tuku kue bika sing digawe saka tepung beras . Ana sing dicampur gula Jawa lan gula pasir. Murah meriah. Rp25.000 oleh 10 iji. Kue bika-ne lagi wae mudhun saka keren. Mumpung ana Bukittinggi, aku nyoba melu mbakar bika ing warung bika Si Mariana. Wuah, bulek lan panas. Anggone masak isih nganggo keren, dadine ya bulek.
Impen Dadi Kanyatan





Sinambi maem kue bika Si Mariana, Koto Baru, Bukittinggi, mobil mlaku terus. “Hei…ada orang kawin! Ayo turun foto-foto” Wuaduh, mobil kebacut bablas. Maksudku lan Erna, mumpung ana Bukittinggi, dheweke kepengin weruh hajatan tradisional manten Bukittinggi kang dina iku “meriah” merga pelaminane sarwa warna emas. Erna gumun, aku getun, ora bisa melu “njagong”. (nglindur…nglindur…)
Akhirnya……Pandai Sikek di depan mata. Mobil mlebu dalan cilik, kiwa-tengen katon toko kerajinan mukena, bordir, lan ukiran. Mobil uga ngliwati omah gadhang khas Minangkabau. Kebak ukiran kang endah. Ing sangarepe pelataran ana blumbang kebak kebang terate lagi padha mekrok. Mripatku mblolok takjub. “Nanti kita harus ke sini!” bengokku marang Armen kang terus wae ngegas mobile.
Mobil mandheg grek, ing ngarep Pasar Pandai Sikek, Jl.H.Miskin. Masya Allah. Pasare tutup! Aku lagi kelingan yen dina iku ngepasi karo tanggal 1 Syura lan dina Jumat pisan.
Dhasar wartawan! Aku ora kelangan akal. Sawise celingak-celinguk, kewaca papan nama pengrajin songket Ny.Yurni sing adohe mung 10 meter saka pasar. Aku niat mudhun. Armen ngeyel aku kudu tetep numpak mobil. So, pasti daktolak! Aku terbiasa hunting, cing!

Pembina Pengrajin

Armen daktinggal. Dakkongkon turu ing mobil wae. Aku lan Erna mlaku mlipiri gang. Daklarik ora ketemu papan nama kang nunjuk ana pengrajin. Sing ana penrajin ukir kayu. Ana sawetara omah kang duwe blumbang kanggo ngingu iwak.



Aku mbalik maneh. Dakprangguli ana ibu-ibu metu saka omah. Untung-untungan, aku nyuwun priksa ibu mudha iku ana endi sing gawe songket. “Iya, Kami membuat songket. Cuma hari ini libur,” wangsulane. Cleng, kuciwa berat!
Mbok menawa bisa maca praupanku, ibu kang asma Diana iku langsung ngejak aku mlebu daleme. Hai! Ing ruang tamu, ana deretan lemari kaca majang hasil songketan. Aku banjur matur yen adoh-adoh saka Jakarta, aku mug kepengin meruhi proses nggawe kain songket kang kawentar iku.
Lhadalah! Ibu Diana katon ikhlas langsung mbeber kabeh kain songket kang kapajang ing lemari. Ngendikane Bu Diana, ing Pandai Sikek, kain songket iku sinebut tenun.Alate aran Panta. Tipe kain tenun Pandai Sikek aran Balapak lan becatue. Ana uga gabungan catue balapak. Tegese itungan benange mung loro nanging corake ngebaki kain. Dadi, ya endah tenan. Biasane, kain catue balapak kanggo acara kawinan. Sing bisa mbedakake tipe iku ana ing itungan benange nalika proses penenunan.

Tenun Pandai Sikek biasane digawe setelan kanggo sarung lan selendang. Ukurane 100 X 180 cm lan selendange 33 X 165 cm. Selendang kang biasane dienggo para pejabat lan bangsawan biasane luwih jembar. Ukurane 60 X 200 cm. Sarung-sarung iku ditenun karana benang emas/perak ing sandhuwure benang katun utawa sutra. Regane? Wuah, paling murah Rp3 juta-an.

Sairing mekaring jaman, saiki kaintenun Pandai Sikek uga ana sing digawe luwih praktis. Wis dipola kanggo rasukan padinan. Mesthi wae motife beda karo kain tradisional.

Upakarti
Durung nganti tuntas nerangake bab songket, ibune Bu Diana, Hj.Yurni. “Ini ibu saya Hj.Yurni. Baru saja pulang dari pameran di Belanda. Sebelumnya ke Malaysia,” ature Bu Diana. Wow, Hj.Yurni iki penerima penghargaan Upakarti tahun 1989, minangka upayane membina pengrajin kecil. Tekan saiki hasile kain songket sebagian warga Pandai Sikek, ditampung Hj.Yurni kang bukak cabang ing Jl.Limau, IV Jati Bening II, Jakarta. Pelanggane Bu Yurni wiwit saka wong-wong sugih Malaysia nganti fashion desainer ing Jakarta.



Aku begja temenan bisa ketemu Hj.Yurni kang tetep nglestarekake kerajinan songket kang tumrapku ngedap-edapi. Aku tansah takjub Manawa meruhi kain songket saka Sumbar. Emane, dina iku karyawane Hj.Yurni prei dadi ora bisa meruhi proses nyongket ala Pandai Sikek.
Ora mung kain songket karyane Hj.Yurni. Ana uga kerajinan kanggo souvenir kaya gantungan kunci, tas, enggak sandal, selop, sarta hiasa dinding. Sadurunge pamit mulih, aku tuku tas-tas cilik kanggo souvenir.
Hei! Critaku bab Pandai Sikek during kelar. Isih crita anggonku mertamu ing daleme Hj.Sanuar pemilik Pusako. Critane luwih ngedab-edabi. Sabar, ya.
***********************************

28 Desember, 2009

Plesiran/Travels Bukittinggi






Horeee ….. Bukittinggi I am Coming!
Cihuiii…pungkasane aku bisa plesiran menyang Bukittinggi, Sumatra Barat. Kutha iki wis dakgadhang-gadhang pirang-pirang tahun. Plesiran akhir tahun tanpa beban!
Minangka jurnalis biasane aku teka-lunga menyang luar kutha utawa luar negeri kanggo urusan kerja.(ssttt…padahal sok nunut plesiran hi…hi…hi….) Nanging Jumat 18 Desember- 21 Desember 2009 wingi, aku murni plesiran. Tanpa beban!
Plesiran menyang kutha kang sejuk hawane iku wis dakrancang wiwit sesasi sadurunge dina H. Kancaku, Erna, karyawan perusahaan gedhe ing Semarang, lunjak-lunjak nalika dakajak. Kareben plesirane nengsemake lan sukses, jadwale dakrancang mateng.
Sepisan, pesen tiket pesawat Garuda liwat call centre. Cihuii…. oleh tiket promo pp. Jakarta-Padang-Jakarta mung Rp953.500/person. Kapindho pesen kamar hotel. Ups! Begjo maneh, oleh hotel cedhak karo kawasan wisata, Jam Gadhang, Ngarai Sianok, Munumen Bung Hatta, Istana Bung Hatta (saiki wis alih fungsi dadi kantor Pemda Bukittinggi. Dadi ora bisa disambangi), Pasar Atas lan Pasar Bawah kang kawentar iku. Hmm…Asyiiiik…bisa ngirit dhuwit transport! Maklum plesiran back packing…..
Kaping telu, maca peta, menyang papan endi wae lan arep wisata kuliner apa kang bisa ditekani sasuwene liburan kang mung telung dina telung bengi. (Kekarepane kakehan. Kepengin menyang Danau Maninjau, Singkarang…wualaaaah….) Kareben cepet kegayuh kabeh, aku telepon kanca anyar sing duwe rental mobil. Aku njaluk sopir kang terampil lan kaffah dalan. (Dalene menggak-menggok! Munggah-mudhun!)
Sawise disanggupi, aku njaluk dipethuk ing Bandara Minangkabau, Sabtu esuk, merga aku numpang flight paling awal.

Nggegana Sandhuwure Mega
Tekan hari H, sawise shalat Subuh, aku lan Erna langsung meluncur menyang Bandara Soekarno Hatta. Bagian Customer Service Garuda takon aku arep milih kursi cedhak cendhela utawa lorong. Jelas, ta, aku milih cendhela! Cuaca lagi cerah eman-eman yen ora motreti mega putih sing dadi hobiku saben numpang pesawat. Apa maneh perjalanan Jakarta-Padang pemandangane yahut.(Eh, sadurunge iki, aku tau dines menyang Padang, lho).




Musim liburan, kaya biasane Bandara rame banget. Aku lan Erna mampir menyang café, ngopi dhisik. Secangkir kopi panas plus cheese cake nikmate luar biasa. Erna milih Roti Boy kang harume nggoda irung. Aku lan Erna sengaja milih lungguh ing ruang tunggu kareben bisa nyawang polah-tingkahe wong-wong sing padah arep mangkat liburan.
Meh se-jam nunggu, akhire pesawat sing dakantu wis siap. Aku lan Erna setengah mlayu tumuju ruang boarding pass. Yap! Garuda siap menerbangkan penumpang! Yeahh….
Kamera foto siap ing tanganku wiwit sadurunge take off. Aku siap nembak obyek mega putih merga pesawat bakal nggegana ing sandhuwure mega. Oo.ooo..tetela gambar perbatasan Jakarta tumuju Padang ora kalah apike. Dadi foto perbatasan Jakarta-Padang langsung dakjepret. yen ana foto perbatasan jakarta ngarepe ana titik ireng, iku kang diarani Sumur1(eksplorrasi minyak?.)

Allahu Akbar! Mega-mega putih wis jentrek-jentrek kaya salju. Uuiihhh….kala-kala pikiranku nerawang nakal. Mendah endahe lan amazing-e saupamane ing antarane mega-mega putih iku aku bisa mrangguli malaikat-malaikat Allah S.W.T., lagi ngiring pesawat. Utawa takzim dzikiran…..Ah…Pikiranku kelepasan…biasane aku langsung istighfar….







Lagi tengah-tengahe ngudar angen-angen…..pramugari Garuda sing ayu-ayu lan ramah mbukak meja lipat ing sangarepku. Steak daging sapi kemebul, aromane nggoda ati njaluk enggal dirahabi. Gleg, sueger…ngombene guava jus. Buah irisan melon uga langsung ludhes.
Oo…o..oo….ana pulau-pulau cilik bunder-bunder ing tengah laut. Kameraku beraksi maneh. Banjur ana pulau sing wujude kaya pensil. Tetela iku Pulau Siberut, pulau-pulau gugusane Pulau Mentawai. Waoww….surprise banget! Aku durung tau meruhi Pulau Siberut kang kaya pensil iku. Nalika menyang Padang limang tahun kepungkur, aku keturon ing pesawat. Dadi ora weruh pemandangan elok iku.








Sadurunge pesawat landing, katon Selat Mentawai, Gunung Merapi lan Gunung Singgalang katon jejer. Kamangka jarake uadoh siji lan sijine. Kira-kira limang menit sadurunge pesawat landing, katon ana “tempuran” kali lan laut. Kabeh mlebu ing kamera. Kabeh foto-foto mau dak pajang ing blog iki kanggo panjenengan.

Alhamdulillah, pilot ng-landing-ake pesawat kanthi mulus ing Bandara Minangkabau sing isih gres. Penumpang sing ora sabar wis wiwit nguripake telepon seluller-e. Aneh. Wis ngerti bakal ngganggu sinyal pesawat tetep wae padha ng-aktiv-ake HP.



Mudhun saka pesawat, aku langsung ngontak sopir sing mapak. Jenenge Armen. Dheweke katon glebetake kertas putih ana tulisan jenengku. Hei! Armen langsung nggiring aku menyang parkiran. Hm…Gunung Singgalang katon gagah nambut tekaku. Ing mburine Singgalang ana Gunung Merapi sing krowak isi kawah. Kaya Gunung Merapi ing Yogya.
Isih ana cerita sambunge komplit plesiran menyang Bukittinggi, lho.
******************

10 Desember, 2009

Plesiran/Travels Aceh



Mertamu ing Serambi Mekah

Wiwiwt cilik, aku kepengin banget bisa menyang Aceh. Mbok menawa aku kepilut cerita-cerita kepahlawanan Cut Nyak Dien. Nalika Aceh disaruk tsunami, ancur atiku. Nangis. Bumi kang jarene endah iku, remuk.
Tanpa dinuga, sasi Ramadhan tahun kepungkur, impenku menyang Serambi Mekah kelakon. Sanadyan Ramadhan, aku ora kabotan. Justru kepengin ngerteni kekhusukane warga Aceh nindakake ibadah Ramadhan. Rasane uga ora sabar kepengin enggal tarawih ing Masjid Baiturrahman kang dienggo ngungsi warga Aceh kala tsunami ngamuk.

Tiket menyang-mulih Jakarta-Aceh-Jakarta wis beres. Hotel wis pesen. Uhuii! Esuk uthuk, aku wis bablas menyang Bandara Soekarno-Hatta. Mbok menawa wis rejekiku, ing bandara, aku oleh tepungan Direktur Eksekutif Yayasan Psikodista, Hj.Nur Janah Nitura. Sawise ngobrol ngalor-ngidul, Ibu kang ramah iki nawakake bantuan saupamane sasuwene ing Aceh aku kepentok kesulitan. Apa tumon bisa oleh kabegjan?

Nalika tsunami ngluluhake Aceh, Bu Nur, mbiyantu anak-anak lan wong wadon ing pengungsian. Pasca tsunami, Bu Nur, banjur memfasilitasi madegake koperasi simpan-pinjam aran Bijeh Mata Bunda. Bu Nur iki wanita Solo kang nikah karo pria Aceh.







Nyiur Melambai
Pesawat Garuda nggegana mulus ing satengahe mega biru endah. Tekan Bandara Sultan Iskandar Muda, Aceh Besar, srengengene wis meh angslup ngulon. Metu saka bandara, aku dipapag petugas hotel. Dakkira isine mobil jemputan iku mung aku. Tetela ana Ibu Yuriko, wanita asal Jepang. Dheweke ngaku minangka penghubung Kadin Jepang lan Kadin Indonesia. Ndilalah, kok ya nginep sa-hotel karo aku. Aku lan Ibu Yuri langsung akrab. Sing dibahas bab pengrajin lan hasil seni kerajinan kang dadi minatku lan minate Ibu Yuri.

Kanggo nglancarake tugas, aku nyewa mobil sasopire pisan. Wah, kaya aji mumpung, aku langsung telepon Bu Nur, nyuwun referensi rental mobil sing aman lan nyaman. Maklum, dadi tamu ing daerah kang mentas wae dadi dhaerah konflik. Durung ngerti sratenane. Bu Nur nyaguhi kirim mobil sasopire kang wis kafah desa-desa ing Aceh. Wengi iku aku bisa turu angler!

Esuke, mobil sasopire wis nunggu ing plataran hotel. Aku mung kari aba marang sopir menyang Dusun Durueng, Desa Cot Riwat, Kecamatan Masjid Raya, Kabupaten Aceh Besar. Aku pasrah, ora ngerti arah. Mas Sopir trengginas tenan anggone nyopir. Munggah-mudhun gunung, ngubengi desa, tumuju Cong Riwat kang penere ana pinggi pantai.



Subhanallah. Sadawane dalan saka hotel tekan Cot Riwat, pemandangane cuantiikk temenenan. Pantaine, nyiur kelapane, langite biruu. Waduuhhh, bumi kang elok iki, kok, ya suwe dadi daerah konflik. Dadi ora sempat mbangun papan wisata. Coba yen pantaine digarap, wuah, dadi tujuan wisata kang laris-manis.

Tekan Cong Riwat, aku dipahargya sekelompok ibu-ibu lan remaja kang cantik-cantik. Kabeh kerudhungan. Aku disambut ramah merga wis kangsenan wiwit saka Jakarta.
Mulih saka Cong Riwat, wis meh buka pasa. Mas sopir ngliwati prapatan pusat jajan sing isih sepi. Dadi, aku langsung mulih menyang hotel. Rampung buka pasa, aku nyewa becak bertenaga motor langsung ngibrit menyang Masjid Baiturrahman. Sing dakimpi tarawih ing Masjid Baiturrahman kelakon.




Dina kapindho, aku “ngidham” maneh buka pasa lan tarawih ing Baiturrahman. Rampung tugas kantor,isih rada sore. Aku langsung ndarus ing masjid. Bocah-bocah cilik, bapak-bapak lan ibu-ibu sinambi nunggu bedhuk buka, pada ngenteni bubur khas Aceh ing mburi masjid.











Mumpung durung buka aku mlaku-mlaku dhisik menyang prapatan Garuda, golek jajanan khas Aceh. Hm…nemu rujak Kembang Sari. Lezat tenan, merga bumbune diulek nganggo kacang.

Dina pungkasan, meh sepasar ana ing Aceh, aku antuk kaormatan nemoni Nyak Mu, ibu sepuh tokoh pengrajin songket Aceh. Nalika artis Christin Hakim syuting film Cut Nyak Dien, kain jarite nganggo songket karyane Nyak Mu. Ibu sepuh sing ramah iku yuswane 80-an. Anggone nemoni aku wis karo sarean. Jan, aku antuk kabegjan bisa ketemu Nyak Mu. Salam ormatku kanggo Nyak Mu. Muga tansah dirahmati Allah.S.W.T. Amin. Aku uga diidini foto-foto ing daleme Nyak Mu. Rumah panggung sing dakkagumi.






Hm..aku uga seneng bisa mubeng desa milang kori ing Aceh karo si mas sopir. Kenalan karo warga Aceh niliki sentra-sentra industri bordir, uga nyambangi Ibu Suryani ing Perumahan Cinta Kasih, Neuhen, Aceh Besar. Ibu Suryani iki pengrajin sulam khas Aceh kang aran Kasab.

Wah, pas nggoleki daleme Bu Sur, si Mas sopir rada bingung merga kawasan perumahane juembar tenan. Kaping pindho dheweke takon warga Aceh, kenalane. Nalika daktakoni, sapa kanca kekarone ku, dheweke mangsuli. "Kuwi mantan komandan GAM." Ups! aku nahan napas. Langsung paranoid! Nanging si Mas kang gagah rambute cepak iku tenang wae. Celathune, "Mantan anggota GAM, rata-rata saiki wis padha cekel gawe, urip wajar ing satengahe masyarakat."

Nyes! Aku ora perlu khawatir! Si Mas, rak wis ngeterake aku pirang-pirang dina. Mlebu-metu desa. He..he..he...



Nah, sebagian foto-foto kemegahan Masjid Baiturahman lan Gunung Seulawah kang katon gagah disawang saka Bandara Sultan Iskandar Muda, dakpamerke marang panjenengan sami. Mangga.
**********