Panyandra (Penggambaran)
Jaman saiki wong tuwa sok kangelan
nyinaoni putrane sing lagi sinau basa Jawa, merga komunikasi ing padinane ora
nggunakake basa Jawa. Isine Blog iki mugi bias mbiyantu ngengetake kita sedaya bab
candraning /penggambaran perangan badan.
Ing kene dakkumpulake saperangan panyandra
sing saperangan ana ing buku mata pelajarane bocah SD. Muga-muga isih bias
mbiyantu kaum ibu/bapak nalika nyinaoni putra-putrane.
1. Kempole ngembang pudhak = kempole putih mulus
2A .Gulune
nglunging gadhung = janjang (jenjang.Ind.) mayuk, mengarep
2.B. Gulune
ngulan-ulan = gulune janjang
3.Polahe kaya gabah diinteri = uyek-uyekan, bingung pating
bilulung (mbingungi)
4A.Alise nanggal
sepisan =
alise njlarit memper rembulan nuju tanggal siji/membentuk garis lengkung yang
cantik
4B. Alise kaya
ngroning imba =
alise kaya godhong imbo, tipis njlarit.
4C.Alise nyingkal =
alise kaya singkal (kayu kandel kaya kang biasa kanggo ngluku ing
sawah---seperti sisir pisang paling pinggir yang bisanya paling tebal).
5.Bathuke nyela cendani (marmer) = bathuke alus sumorot/memancar
6.Pipine nduren asjuring = pipine kaya duren sajuring
(lancip)
7.Wang-e (rahang)
nyangkal putung = Wang-e wangune memburi lan 1234ramping
ngresepake
8.Mripate blalak kocak = Mripate mblalak (ora pati amba
nanging bening) semu kedher neng semake.
9.Mripate ndamar kanginan = Mripate kaya damar (obor saka blarak/godhong
klapa) kanginan lep-lep kedher/kedhep-kedhep.
10.Grana (Irung)-e rungih pindha kencana piñata = Irunge mbangir/mancung kaya emas
digosok nganggo patar(sejenis kikir).
11.Tangane kaya gendhewa (belahan kayu/pring biasa dienggo
nglepasake anak panah) pinentang = tangan sing sikute nekuk mlebu
12Tangane kaya gendhewa gading = bentuk lengen tangan kang becik
13.Lathi (bibir.Ind) manggis karengat = lambe/lathi kanga bang kaya abange manggis
dibenthet/diplethek.14.Waja (gigi Ind.) gathik kumedut padoning lathi = untune gathik, padone (bagian pojok) lambe
kedut-kedut (merga napsu banget).
14.Jajabang (dada.Ind) mawinga-winga = dhadhane
mengangah abang kaya abange kembang wora-wari (bunga raja)
15.Pundhake nraju mas =
pundhake rata, kiwa-tengene. Maksude pundhak kanan lan kiri sejajar.
16.Dlamakane sajari miring =
dlamakane (telapak kaki) tipis banget (biasane kagungane pawestri)
17.Lakune kaya macan luwe = lakune alon
banget kaya macan ngelih.
18.Drijine mucuk eri =
drijine lancip-lancip kaya pucuri ri/duri
19.Rambute ngandhan-andhan = rambute
ngombak (bergelombang) kaya godhong pandan/kembang bakung.
20.Untunge miji timun = untune
cilik-cilik rentep, rapi memper wiji timun.
21 A. Idepe
mangada-ada = idepe ngjegrak (merga nepsu.)
21B.Idepe tumengeng tawang (angkasa.Ind) = idep kang pucuke ndengking, mayuk mandhuwur
22 A.Simbar jaja
wulu-wawar = dhadhane ana wulune dawa-dawa.
23 B. Simbar jaja
pan kadya walingi = wulu ing dhadhane gedhene sawlingi-wlingi (sebangsa rumput di rawa
yang ketebalanna sejari tangan, tingginya sekitar 2 m)
24.Sinome micis wutah =
sinome ((rambut halus di atas kening) kruwel-kruwel bunder kelap-kelip kaya
picis (logam putih bahan baku pembuat uang logam) wutah.
**************************
Tidak ada komentar:
Posting Komentar