14 Agustus, 2013

DASA NAMA

Dasanamaning Dhudha lan Randha

        Dasa nama yaiku  tembung/kata kang duwe teges/sebutan/istilah anyar, sawise digandheng/digathukake karo tembung liyane, saengga ngemu surasa (mengandung) teges/arti kang anyar.
Tembung-tembung ing ngisor iki conto dasa namaning Dhudha lan Randha. Dakcuplikake saka buku SARINE BSA DJAWA, kang Kadhapung dening S.Padmosoekotjo, terbitan Balai Pustaka Djakarta 1967 cetakan kaping pindho. Muga-muga isih selaras karo kebutuhan informasi masyarakat.


DHUDHA
1.Dhudha Kembang = dhudha sing durung darbe/duwe anak
2.Dhudha Bocah = djedjaka sing ditinggal mati pacangan/tunangane
3.Dhdha  Kalung = dhudha sing darbe/duwe anak wadon/wedok.
4. Dudha Calak = wong lanang sing purik/mulih menyang omahe wong tuwane.
5.Dhdudha Bantat = arane lemut kang yen nyokot marahi bentol-bentol.
6. Dhudha Ngasag = arane pari
7. Cangkir Dhudhan = cangkir tanpa lambaran (lambarane wis ilang utawa pecah)
8.Dhudha Kasmaran = arane lagu tembang Pangkur (lumrahe laras Slendro)

RANDHA
1.Randha Lanjar = randha sing durung darbe/duwe anak
2.Randha tanggung = randha sing isih rasa enom.
3.Randha siki = randha sing duwe anak lanang wis gedhe.
4.Randha Kuning = arane sawah sing sangar.
5. Lepek Randhan= lepek sing wis tanpa cangkir
6.Randha Widada = asmane Srikandhi nalika namur/nyamar ngupaya/nggoleki Janaka. (nalika samana Janaka lagi mratapa/bertapa ana ing Giripurwa asma Bagawan Endra Djatikusuma.
7.Mbok Randha Dhadhapan = randha sing ora kawruhan jenenge. Yaiku randha sing dingengeri Dewi Sekartadji utawa Ken Limaran (Candrakirana) sadurunge digarwa Panji Putra.
8.Randha Kemul = aranae panganan.
9.Randah Samaya = arane bakal klambi saka tenunan.
                                                                         *******

Tidak ada komentar: