29 Desember, 2009

Pandai Sikek


"Pandai Sikek Aku Dataaang!"
Saka Bandara Minangkabau, Pak driver Armen tancap gas menyang nagari (desa) Pandai Sikek kang dakimpi-impi wiwit 7 tahun kepungkur!
Mula bukane, nalika aku dhines menyang Padang, wawancara karo Pak Zul, salah sijine pengrajin lan pengusaha kain songket. Pak Zulkifli dan garwane Bu Nelvi, (Maaf Pak Zul, saya enggak mampir ke rumah) aweh info. Manawa aku kepengin weruh kain songket kang endah, kudu menyang Pandai Sikek. Nasihat itu dakeling-eling terus, malah nganti terobsesi kaya ngapa endahe songket Pandai Sikek.Jarene Pak Zul, Pandai Sikek penere ing lembah Gunung Marapi!
Nah, pas ana wektu aku sengaja wisata mrana. Tetela temenan. Pandai Sikek papane adhem. Beda banget karo Padang kang hawane panas. Masyarakat Pandai Sikek terkenal minangka pengrajin songket turun temurun wiwit ratusan tahun kepungkur (critane nyusul, ya). Uga ana kang dadi pengrajin ukir kayu.
Sadawane dalan, Armen ora leren cerita bab bencana gempa bumi ing Padang. Aku diliwatake Padang Panjang kang omah penduduke isih padha retak lan ambruk. Akeh warga isih mapan ing tenda darurat. Aku prihatin, ing satengahe ati kang gembira merga meruhi pemandangan elok tumuju Pandai Sikek.
Satengahe liyer-liyer, Armen ngendhegake mobil. “Mau ke lembah Anai?” pitakone. Armen nunjuk grojogan utawa air terjun ing pinggir dalan. Oho! Aku langsung parentah Armen supaya markir mobil ing sangerepe pintu gerbang kawasan wisata iku. Aku lan Erna mudhun banjur tuku tiket Rp1.000/person. “Hati-hati licin!” ujare Armen.



Wuah, cipratan banyu grojokan kang anyep njejet langsung nelesi rai lan kerudungku. Ups! Adhem. Aku lan


Rampung foto, aku ngampiri bakul panganan. Aku tertarik weruh buah kang wujude memper langsep/dhuku. “Ini namanya buah rambai,” ujare sing dodol. Penasaran, durung tau ngicipi rasane buah Rambai, aku tuku sadhompol. Regane Rp2.000. Waduuhh, tetela rasane kuecuuut. Mbokmenawa during tuwa. Dadine mung daksimpen ing kulkas hotel. (nganti balik maneh menyang Jakarta lali ora dakgawa bali), wuekeke…..kkkk.



Mburu wektu, Armen dakajak cepetan tancap gas maneh. “Tidak membasuh muka dulu? Airnya bisa bikin awet muda, lho,” tuture Armen. Haiyah! Kok, lagi omong sawese mlebu mobil. “Sudahlah. Kalau muda terus, nggak bisa ngrasain masa tua.” Erna ngakak krungu wangsulanku.
Ora nganti sejam ing perjalanan, lakune mobil wis tekan Koto Baru. Sawise Rumah Puisi-ne Taufik Ismail, (isih anyar gres) Armen ngajak mandhek maneh. “Belum afdol kalau belum makan kue bika.” Wuaduuhhh kadya tumbu oleh tutup. Dhasar weteng keroncongan, AC mobil kenceng, grimis pisan. Eteng tambah luwe. Akhire aku mudhun tuku kue bika sing digawe saka tepung beras . Ana sing dicampur gula Jawa lan gula pasir. Murah meriah. Rp25.000 oleh 10 iji. Kue bika-ne lagi wae mudhun saka keren. Mumpung ana Bukittinggi, aku nyoba melu mbakar bika ing warung bika Si Mariana. Wuah, bulek lan panas. Anggone masak isih nganggo keren, dadine ya bulek.




Akhirnya……Pandai Sikek di depan mata. Mobil mlebu dalan cilik, kiwa-tengen katon toko kerajinan mukena, bordir, lan ukiran. Mobil uga ngliwati omah gadhang khas Minangkabau. Kebak ukiran kang endah. Ing sangarepe pelataran ana blumbang kebak kebang terate lagi padha mekrok. Mripatku mblolok takjub. “Nanti kita harus ke sini!” bengokku marang Armen kang terus wae ngegas mobile.Mobil mandheg grek, ing ngarep Pasar Pandai Sikek, Jl.H.Miskin. Masya Allah. Pasare tutup! Aku lagi kelingan yen dina iku ngepasi karo tanggal 1 Syura lan dina Jumat pisan.
Dhasar wartawan! Aku ora kelangan akal. Sawise celingak-celinguk, kewaca papan nama pengrajin songket Ny.Yurni sing adohe mung 10 meter saka pasar. Aku niat mudhun. Armen ngeyel aku kudu tetep numpak mobil. So, pasti daktolak! Aku terbiasa hunting, cing!

Pembina Pengrajin Armen daktinggal. Dakkongkon turu ing mobil wae. Aku lan Erna mlaku mlipiri gang. Daklarik ora ketemu papan nama kang nunjuk ana pengrajin. Sing ana penrajin ukir kayu. Ana sawetara omah kang duwe blumbang kanggo ngingu iwak.



Aku mbalik maneh. Dakprangguli ana ibu-ibu metu saka omah. Untung-untungan, aku nyuwun priksa ibu mudha iku ana endi sing gawe songket. “Iya, Kami membuat songket. Cuma hari ini libur,” wangsulane. Cleng, kuciwa berat!
Mbok menawa bisa maca praupanku, ibu kang asma Diana iku langsung ngejak aku mlebu daleme. Hai! Ing ruang tamu, ana deretan lemari kaca majang hasil songketan. Aku banjur matur yen adoh-adoh saka Jakarta, aku mug kepengin meruhi proses nggawe kain songket kang kawentar iku.
Lhadalah! Ibu Diana katon ikhlas langsung mbeber kabeh kain songket kang kapajang ing lemari. Ngendikane Bu Diana, ing Pandai Sikek, kain songket iku sinebut tenun.Alate aran Panta. Tipe kain tenun Pandai Sikek aran Balapak lan becatue. Ana uga gabungan catue balapak. Tegese itungan benange mung loro nanging corake ngebaki kain. Dadi, ya endah tenan. Biasane, kain catue balapak kanggo acara kawinan. Sing bisa mbedakake tipe iku ana ing itungan benange nalika proses penenunan.

Tenun Pandai Sikek biasane digawe setelan kanggo sarung lan selendang. Ukurane 100 X 180 cm lan selendange 33 X 165 cm. Selendang kang biasane dienggo para pejabat lan bangsawan biasane luwih jembar. Ukurane 60 X 200 cm. Sarung-sarung iku ditenun karana benang emas/perak ing sandhuwure benang katun utawa sutra. Regane? Wuah, paling murah Rp3 juta-an.

Sairing mekaring jaman, saiki kaintenun Pandai Sikek uga ana sing digawe luwih praktis. Wis dipola kanggo rasukan padinan. Mesthi wae motife beda karo kain tradisional.

Upakarti
Durung nganti tuntas nerangake bab songket, ibune Bu Diana, Hj.Yurni. “Ini ibu saya Hj.Yurni. Baru saja pulang dari pameran di Belanda. Sebelumnya ke Malaysia,” ature Bu Diana. Wow, Hj.Yurni iki penerima penghargaan Upakarti tahun 1989, minangka upayane membina pengrajin kecil. Tekan saiki hasile kain songket sebagian warga Pandai Sikek, ditampung Hj.Yurni kang bukak cabang ing Jl.Limau, IV Jati Bening II, Jakarta. Pelanggane Bu Yurni wiwit saka wong-wong sugih Malaysia nganti fashion desainer ing Jakarta.



Aku begja temenan bisa ketemu Hj.Yurni kang tetep nglestarekake kerajinan songket kang tumrapku ngedap-edapi. Aku tansah takjub Manawa meruhi kain songket saka Sumbar. Emane, dina iku karyawane Hj.Yurni prei dadi ora bisa meruhi proses nyongket ala Pandai Sikek.
Ora mung kain songket karyane Hj.Yurni. Ana uga kerajinan kanggo souvenir kaya gantungan kunci, tas, enggak sandal, selop, sarta hiasa dinding. Sadurunge pamit mulih, aku tuku tas-tas cilik kanggo souvenir.
Hei! Critaku bab Pandai Sikek during kelar. Isih crita anggonku mertamu ing daleme Hj.Sanuar pemilik Pusako. Critane luwih ngedab-edabi. Sabar, ya.
***********************************

28 Desember, 2009

Plesiran/Travels Bukittinggi



Bukittinggi I am Coming!
Cihuiii…pungkasane aku bisa plesiran menyang Bukittinggi, Sumatra Barat. Kutha iki wis dakgadhang-gadhang pirang-pirang tahun. Plesiran akhir tahun tanpa beban!
Minangka jurnalis biasane aku teka-lunga menyang luar kutha utawa luar negeri kanggo urusan kerja.(ssttt…padahal sok nunut plesiran hi…hi…hi….) Nanging Jumat 18 Desember- 21 Desember 2009 wingi, aku murni plesiran. Tanpa beban!
Plesiran menyang kutha kang sejuk hawane iku wis dakrancang wiwit sesasi sadurunge dina H. Kancaku, Erna, karyawan perusahaan gedhe ing Semarang, lunjak-lunjak nalika dakajak. Kareben plesirane nengsemake lan sukses, jadwale dakrancang mateng.
Sepisan, pesen tiket pesawat Garuda liwat call centre. Cihuii…. oleh tiket promo pp. Jakarta-Padang-Jakarta mung Rp953.500/person. Kapindho pesen kamar hotel. Ups! Begjo maneh, oleh hotel cedhak karo kawasan wisata, Jam Gadhang, Ngarai Sianok, Munumen Bung Hatta, Istana Bung Hatta (saiki wis alih fungsi dadi kantor Pemda Bukittinggi. Dadi ora bisa disambangi), Pasar Atas lan Pasar Bawah kang kawentar iku. Hmm…Asyiiiik…bisa ngirit dhuwit transport! Maklum plesiran back packing…..
Kaping telu, maca peta, menyang papan endi wae lan arep wisata kuliner apa kang bisa ditekani sasuwene liburan kang mung telung dina telung bengi. (Kekarepane kakehan. Kepengin menyang Danau Maninjau, Singkarang…wualaaaah….) Kareben cepet kegayuh kabeh, aku telepon kanca anyar sing duwe rental mobil. Aku njaluk sopir kang terampil lan kaffah dalan. (Dalene menggak-menggok! Munggah-mudhun!)
Sawise disanggupi, aku njaluk dipethuk ing Bandara Minangkabau, Sabtu esuk, merga aku numpang flight paling awal.

Nggegana Sandhuwure Mega
Tekan hari H, sawise shalat Subuh, aku lan Erna langsung meluncur menyang Bandara Soekarno Hatta. Bagian Customer Service Garuda takon aku arep milih kursi cedhak cendhela utawa lorong. Jelas, ta, aku milih cendhela! Cuaca lagi cerah eman-eman yen ora motreti mega putih sing dadi hobiku saben numpang pesawat. Apa maneh perjalanan Jakarta-Padang pemandangane yahut.(Eh, sadurunge iki, aku tau dines menyang Padang, lho).




Musim liburan, kaya biasane Bandara rame banget. Aku lan Erna mampir menyang café, ngopi dhisik. Secangkir kopi panas plus cheese cake nikmate luar biasa. Erna milih Roti Boy kang harume nggoda irung. Aku lan Erna sengaja milih lungguh ing ruang tunggu kareben bisa nyawang polah-tingkahe wong-wong sing padah arep mangkat liburan.
Meh se-jam nunggu, akhire pesawat sing dakantu wis siap. Aku lan Erna setengah mlayu tumuju ruang boarding pass. Yap! Garuda siap menerbangkan penumpang! Yeahh….
Kamera foto siap ing tanganku wiwit sadurunge take off. Aku siap nembak obyek mega putih merga pesawat bakal nggegana ing sandhuwure mega. Oo.ooo..tetela gambar perbatasan Jakarta tumuju Padang ora kalah apike. Dadi foto perbatasan Jakarta-Padang langsung dakjepret. yen ana foto perbatasan jakarta ngarepe ana titik ireng, iku kang diarani Sumur1(eksplorrasi minyak?.)

Allahu Akbar! Mega-mega putih wis jentrek-jentrek kaya salju. Uuiihhh….kala-kala pikiranku nerawang nakal. Mendah endahe lan amazing-e saupamane ing antarane mega-mega putih iku aku bisa mrangguli malaikat-malaikat Allah S.W.T., lagi ngiring pesawat. Utawa takzim dzikiran…..Ah…Pikiranku kelepasan…biasane aku langsung istighfar….







Lagi tengah-tengahe ngudar angen-angen…..pramugari Garuda sing ayu-ayu lan ramah mbukak meja lipat ing sangarepku. Steak daging sapi kemebul, aromane nggoda ati njaluk enggal dirahabi. Gleg, sueger…ngombene guava jus. Buah irisan melon uga langsung ludhes.
Oo…o..oo….ana pulau-pulau cilik bunder-bunder ing tengah laut. Kameraku beraksi maneh. Banjur ana pulau sing wujude kaya pensil. Tetela iku Pulau Siberut, pulau-pulau gugusane Pulau Mentawai. Waoww….surprise banget! Aku durung tau meruhi Pulau Siberut kang kaya pensil iku. Nalika menyang Padang limang tahun kepungkur, aku keturon ing pesawat. Dadi ora weruh pemandangan elok iku.







Sadurunge pesawat landing, katon Selat Mentawai, Gunung Merapi lan Gunung Singgalang katon jejer. Kamangka jarake uadoh siji lan sijine. Kira-kira limang menit sadurunge pesawat landing, katon ana “tempuran” kali lan laut. Kabeh mlebu ing kamera. Kabeh foto-foto mau dak pajang ing blog iki kanggo panjenengan.

Alhamdulillah, pilot ng-landing-ake pesawat kanthi mulus ing Bandara Minangkabau sing isih gres. Penumpang sing ora sabar wis wiwit nguripake telepon seluller-e. Aneh. Wis ngerti bakal ngganggu sinyal pesawat tetep wae padha ng-aktiv-ake HP.



Mudhun saka pesawat, aku langsung ngontak sopir sing mapak. Jenenge Armen. Dheweke katon glebetake kertas putih ana tulisan jenengku. Hei! Armen langsung nggiring aku menyang parkiran. Hm…Gunung Singgalang katon gagah nambut tekaku. Ing mburine Singgalang ana Gunung Merapi sing krowak isi kawah. Kaya Gunung Merapi ing Yogya.
Isih ana cerita sambunge komplit plesiran menyang Bukittinggi, lho.
******************

10 Desember, 2009

Plesiran/Travels Aceh



"Serambi Mekah"

Wiwiwt cilik, aku kepengin banget bisa menyang Aceh. Mbok menawa aku kepilut cerita-cerita kepahlawanan Cut Nyak Dien. Nalika Aceh disaruk tsunami, ancur atiku. Nangis. Bumi kang jarene endah iku, remuk.
Tanpa dinuga, sasi Ramadhan tahun kepungkur, impenku menyang provinsi jejuluk "Serambi Mekah" kelakon. Sanadyan Ramadhan, aku ora kabotan. Justru kepengin ngerteni kekhusukane warga Aceh nindakake ibadah Ramadhan. Rasane uga ora sabar kepengin enggal tarawih ing Masjid Baiturrahman kang dienggo ngungsi warga Aceh kala tsunami ngamuk.

Tiket menyang-mulih Jakarta-Aceh-Jakarta wis beres. Hotel wis pesen. Uhuii! Esuk uthuk, aku wis bablas menyang Bandara Soekarno-Hatta. Mbok menawa wis rejekiku, ing bandara, aku oleh tepungan Direktur Eksekutif Yayasan Psikodista, Hj.Nur Janah Nitura. Sawise ngobrol ngalor-ngidul, Ibu kang ramah iki nawakake bantuan saupamane sasuwene ing Aceh aku kepentok kesulitan. Apa tumon bisa oleh kabegjan?

Nalika tsunami ngluluhake Aceh, Bu Nur, mbiyantu anak-anak lan wong wadon ing pengungsian. Pasca tsunami, Bu Nur, banjur memfasilitasi madegake koperasi simpan-pinjam aran Bijeh Mata Bunda. Bu Nur iki wanita Solo kang nikah karo pria Aceh.







Nyiur Melambai
Pesawat Garuda nggegana mulus ing satengahe mega biru endah. Tekan Bandara Sultan Iskandar Muda, Aceh Besar, srengengene wis meh angslup ngulon. Metu saka bandara, aku dipapag petugas hotel. Dakkira isine mobil jemputan iku mung aku. Tetela ana Ibu Yuriko, wanita asal Jepang. Dheweke ngaku minangka penghubung Kadin Jepang lan Kadin Indonesia. Ndilalah, kok ya nginep sa-hotel karo aku. Aku lan Ibu Yuri langsung akrab. Sing dibahas bab pengrajin lan hasil seni kerajinan kang dadi minatku lan minate Ibu Yuri.

Kanggo nglancarake tugas, aku nyewa mobil sasopire pisan. Wah, kaya aji mumpung, aku langsung telepon Bu Nur, nyuwun referensi rental mobil sing aman lan nyaman. Maklum, dadi tamu ing daerah kang mentas wae dadi dhaerah konflik. Durung ngerti sratenane. Bu Nur nyaguhi kirim mobil sasopire kang wis kafah desa-desa ing Aceh. Wengi iku aku bisa turu angler!

Esuke, mobil sasopire wis nunggu ing plataran hotel. Aku mung kari aba marang sopir menyang Dusun Durueng, Desa Cot Riwat, Kecamatan Masjid Raya, Kabupaten Aceh Besar. Aku pasrah, ora ngerti arah. Mas Sopir trengginas tenan anggone nyopir. Munggah-mudhun gunung, ngubengi desa, tumuju Cong Riwat kang penere ana pinggi pantai.



Subhanallah. Sadawane dalan saka hotel tekan Cot Riwat, pemandangane cuantiikk temenenan. Pantaine, nyiur kelapane, langite biruu. Waduuhhh, bumi kang elok iki, kok, ya suwe dadi daerah konflik. Dadi ora sempat mbangun papan wisata. Coba yen pantaine digarap, wuah, dadi tujuan wisata kang laris-manis.

Tekan Cong Riwat, aku dipahargya sekelompok ibu-ibu lan remaja kang cantik-cantik. Kabeh kerudhungan. Aku disambut ramah merga wis kangsenan wiwit saka Jakarta.
Mulih saka Cong Riwat, wis meh buka pasa. Mas sopir ngliwati prapatan pusat jajan sing isih sepi. Dadi, aku langsung mulih menyang hotel. Rampung buka pasa, aku nyewa becak bertenaga motor langsung ngibrit menyang Masjid Baiturrahman. Sing dakimpi tarawih ing Masjid Baiturrahman kelakon.




Dina kapindho, aku “ngidham” maneh buka pasa lan tarawih ing Baiturrahman. Rampung tugas kantor,isih rada sore. Aku langsung ndarus ing masjid. Bocah-bocah cilik, bapak-bapak lan ibu-ibu sinambi nunggu bedhuk buka, pada ngenteni bubur khas Aceh ing mburi masjid.











Mumpung durung buka aku mlaku-mlaku dhisik menyang prapatan Garuda, golek jajanan khas Aceh. Hm…nemu rujak Kembang Sari. Lezat tenan, merga bumbune diulek nganggo kacang.

Dina pungkasan, meh sepasar ana ing Aceh, aku antuk kaormatan nemoni Nyak Mu, ibu sepuh tokoh pengrajin songket Aceh. Nalika artis Christin Hakim syuting film Cut Nyak Dien, kain jarite nganggo songket karyane Nyak Mu. Ibu sepuh sing ramah iku yuswane 80-an. Anggone nemoni aku wis karo sarean. Jan, aku antuk kabegjan bisa ketemu Nyak Mu. Salam ormatku kanggo Nyak Mu. Muga tansah dirahmati Allah.S.W.T. Amin. Aku uga diidini foto-foto ing daleme Nyak Mu. Rumah panggung sing dakkagumi.






Hm..aku uga seneng bisa mubeng desa milang kori ing Aceh karo si mas sopir. Kenalan karo warga Aceh niliki sentra-sentra industri bordir, uga nyambangi Ibu Suryani ing Perumahan Cinta Kasih, Neuhen, Aceh Besar. Ibu Suryani iki pengrajin sulam khas Aceh kang aran Kasab.

Wah, pas nggoleki daleme Bu Sur, si Mas sopir rada bingung merga kawasan perumahane juembar tenan. Kaping pindho dheweke takon warga Aceh, kenalane. Nalika daktakoni, sapa kanca kekarone ku, dheweke mangsuli. "Kuwi mantan komandan GAM." Ups! aku nahan napas. Langsung paranoid! Nanging si Mas kang gagah rambute cepak iku tenang wae. Celathune, "Mantan anggota GAM, rata-rata saiki wis padha cekel gawe, urip wajar ing satengahe masyarakat."

Nyes! Aku ora perlu khawatir! Si Mas, rak wis ngeterake aku pirang-pirang dina. Mlebu-metu desa. He..he..he...


Nah, sebagian foto-foto kemegahan Masjid Baiturahman lan Gunung Seulawah kang katon gagah disawang saka Bandara Sultan Iskandar Muda, dakpamerke marang panjenengan sami. Mangga.
**********

09 Desember, 2009

Plesiran/Travels Yogya Bakmi Bintaran Tengah



Pungkasan Nopember 2009, wayah sore. Ngayogyakarta digebyur udan deres pates. Dhasar weteng lagi keluwen. Pas liwat ing Jalan Bintaran Tengah, aroma bakmi goreng mangambar arum. Nusuk irung. Wuah, tambah luwe.

Wis suwe ora mulih menyang Ngayogya, rasa kangen maem bakmi langsung "ngiler". Pesthine langsung mlebu warung bakmi iku. Aku milih lungguh lesehan ing klasa. Sinambi nunggu sega magelangan (sega goreng campur mi kuning), daknikmati swasana sore sing lagi digebyur udah deres. Ing sakiwaku, sepasang kekasih lagi kasmaran, menikmati bakmi goring. Sepiring berdua. Ups! Aku dadi krasa kijenen.

Sore iku, aku kepengin menikmati kutha Ngayogya, kutha kelahiranku sing wis meh rong sasi daktinggal tugas ing Jakarta. Biasane sesai pisan mulih. Kepeneran Nopember pungkasan iku, ana tugas ing Yogya. Kepeneran. Dadi sawise sepasar muput nyambut gawe, dina iku aku kepengin ngenggar-enggar pikir. Kepener liwat Bintaran, kok, aroma bakmi Jawa ngambar arum. Wuih, kapan maneh bisa menikmati Yogya sinambi maem bakmi? Wuih, sedaap!


Lungguh klasa, slonjoran, sayahku krasa suda. Aroma bawang goreng tansaya nusuk irung. Sedhep banget. Si Mas katon sengkut nggangsa bawang. Kebayang rasa enake bakmi olahane si Mas. TV kuno kang njogrok ing ngarepku durung on. Aku emoh golek channel. Camera ing ransel enggal dakaktifake.Jepret-jepret…..asile, mangga dipunpriksani.

Gudhange Warung BakmiHm…ngomong soal kuliner bakmi? Ngayogyakarta pancen gudhange kuliner bakmi. Bakmi godhog, goreng, bihun godhog, bihun goreng, magelangan (campuran sega goring lan mi kuning), paling nyamleng jajane ing Yogya. Ibarate, Manawa panjenengan plesiran menyang kutha Ngayogyakarta, durung “lunas” manawa durung dhahar bakmi.
Sakjane warung Bakmi Bintaran Tengah iki dudu langgananku. Nanging merga weteng selak luwe, ora ana lupute aku nyoba bakmi ing kene. Biasane, yen ana Yogya,aku mesthi jajan bakmi ing warung lenggananku. Biasane, aku milih warung bakmi ing pojok kulon Alun-Alun Lor. Nikmat olahan bakmi lan sega gorenge, wis ta, ora bisa dipaido maneh. Wedang sing dakpilih, jahe bakar gula jawa.
Nah, miturut aku, bakmi Jawa paling enak iku yen anggone masak nganggo bahan bakar areng. Campuran bakmine endhog bebek. Dudu endhog ayam petelor. Isih akeh pedagang bakmi ing Yogya kang masake nganggo endhog bebek. Panjenengan bisa milih ing kawasan Jalan Bhayangkara, Pojok Beteng Kulon, Jln.Rotowijayan (sakulone Kraton).
Gampang banget nemu bakul bakmi Jawa ing Yogya wayah wengi. Sasat saben dalan gedhe utawa dalan kampung, mesthi ana sing bakul bakmi. Warung lenggananku liyane, ing Alun-Alun Pura Pakualaman. Ing kene uga ana jadah bakar. Wis ta gurih temenan.


Um…..Udane wis mandheg. Nanging langite durung sumilak. Wengine malah wiwit methukake dinaku. Sega magelanganku katon kemebul ing mejaku. Sapiring menceb. Ana lalapane, rajangan kubis lan acar. Magelangan wiwit dakcicipi sapucuk sendhok dhisik. Ufhh……top markotip! Gurihe pas. Dhasar weteng lagi keluwen, sasendhok...sasendhok...wuah, meh ludhes! Wetengku wis ora kuwawa nyimpen sega magelangan. Apa maneh meh sagelas wedang jeruk anget ngglontor segane. Wis...aku leren. Cukup 2/3 isine weteng. Sing 1/3 kanggo napas. Yen kemlakaren ora becik. Ora nganti Rp20.000 regane magelangan plus wedang jeruk. Weteng wareg temenan.
Aku pamitan si Mas bakul bakmi. Metu warung, nyetop taksi, mulih hotel. Mburu shalat maghrib!



Sadawane dalan, tumuju omah, isih kebayang nikmate sega magelanganne si Mas. Nyam…nyam…nyam…ayo cobanen!
Salam.

10 Juni, 2009

GEGURITAN8/Rembulan Abang

REMBULAN HANDADARI 1


Rembulan abang moblong-moblong ing sandhuwure stasiun Jombang
Manonni ayune panen pepujan mahkluk bumi salekuk-lekuke
Awane durung pamitan, njalari mbulan abang kudanan pitakonan
Arep menyang endi dhuh sunaring wengi saayuning-ayu?
Iki akeh prawan ayu ora leren sesambat kejoran sunarmu
(Mendah isinku sang rasa mecungul aweh sorak)
Aih…geneya kupingmu kalimput nista, netramu kesaput lendhut
Sanadyan eseming rembulan nanggal sepisan kari sajlerete alis prawan
Cahyane sapucete kafan
Rembulan ora kedhat ora telat sowan tetasbih, tahmid, takbir
Pan saiki purnama tasbehe ora bakal telat

Rasaku saiki gathuk
Rembulan abang moblong-moblong ing sandhuwuring stasiun Jombang
Manonni…manrang bumi ….aku jatuh hati, aku tut memuji Illahi


REMBULAN HANDADARI II
Rembulan abang temangsang ing gegodhongan rambutan
Aku kelangan swarane bocah-bocah dolanan jamuran
Rembulan abang madhangi ati katiban asmara
Sunare nlusup-nlusup kalbu biru
Aku kelangan swarane bocah-bocah tetembangan lagu Soyang
Iki wengi sepining asepi tanpa kidung asmara
Ing plataran jembar gilar-gilar iki kidung dolanane bocah-bocah kungkulan lagu-lagu gitar makantar
Swarane natoni ati serangane nggegilani
Aku kelangan dolanan kang biyen ngrenggani bumi pertiwi


REMBULAN HANDADARI III
Sasangka wutuh tumungkul ing langit manrangi plataran Masjiddil Haram
Sunare nyekseni mayuta-yuta jamaah nindakake tawaf kaping pitu diawali talbiyah :Bismillahi Wallahu Akbar.
Sasyi purnama tumungkul wutuh ing plataran Masjiddil Haram
Mayuta manungsa tundhuk tumungkul muteri Baitullah laku jajar rapi lir ubenging tata surya
Kabeh tumungkul tundhuk ing ngarsaNe, khusyu…
Ngagungake Asma Allah
Ngajab ridha Illahi
“Ya Rab Ingkang Maha Agung, paringana kawula kesaenan ing donya pan akhiratipun
Katebihna kawula saking siksa saha agnining neraka”

Wulane durung kendhat durung liwat isih manjer dadi seksi mahluk kang memuji
Ngucap shalawat konjuk maring Kangjeng Nabi Muhammad
Rembulan pancet tetasbih, tumungkul mancarake sunar ayune
Mayuta kawula saya banjir luh karana ngemis
“Dhuh Gusti Maha Welas-Asih , tinampia tobatan nasuha kawula
Tobat saking gunem nista, laku brahala
Resikana manah kawula saking cidra tinampia amal sadumil menika
Suku kawula taksih kesaput lendhut, tangan manira dereng kathah sedhekah
Dhuh Gusti Pemilik Gesang
Kersaa paring undhangan sowan makaping-kaping
Saupami dinten menika akhir saking undhangan Paduka
Dadosna laku wangsul kawula khusnul khatimah”

Wulane saya dhuwur, Allah Maha Luhur
Mayuta mahluk kelelep tafakur ing bumi suci
***********



Jakarta,9 Juni 2009

04 Juni, 2009

UNGGAH-UNGGUHE BASA JAWA 2

BASA JAWA NGOKO

Basa Jawa duwe unggah-ungguh basa kang panganggone/trap-trapane miturut umur, pangkat/drajat, lan papan. Mula iku ana kang sinebut basa ngoko, madya, krama, lan krama inggil. Malah ing Kraton Ngayogyakarta ana kang aran basa bagongan.
Tumrap sing wis suwe lali bab unggah-ungguhe basa Jawa, ing kene aku nyoba “ngelingake” maneh istilah-istilahe. Takwiwiti saka basa Jawa Ngoko. Muga-muga ana paedahe.




Kapan basa Jawa ngoko digunakake? Sapa sing biasane migunakkake?
Basa Jawa ngoko digunakake kanggo wicara bocah/wong saumuran lan wis kulina/akrab. Basa ngoko diperang maneh dadi loro, yaiku Antya basa lan Antya karma.
Conto basa Jawa ngoko sing wicara saumuran:
Nita: Arep menyang ngendi, Rin?
Rini: Pasar (menyang pasar)

*Basa ngoko dienggo bocah kang saumuran nanging padha-padha ngajeni/saling menghargai.
Basa ngoko kang kaya mangkene diarani ngoko andhap –golongan antya basa
Conto:
Nita: Panjenengan arep menyang endi sore iki, Rin?
Rini: Arep menyang warung

**Ana maneh basa ngoko andhap --- golongan antya karma (sing wicara saumuran nanging biasane wis padha-padha tuwa/dhuwur kedudukane/jabatane)
Conto:

Nita: Yen kondur mbok mengko mundhut oleh-oleh.
Rini: Apa panjenengan kesupen aku durung gajian?
Mangkono conto-conto cekak panganggone basa Jawa ngoko. Muga-muga saiki padha kelingan maneh. Kanggo sanak kadang sing ana manca negara sing lagi ajar basa Jawa, muga-muga ana manfaate.

Kepareeeng…salam....regards…

01 Juni, 2009

CERKAK3/Kepencut Dewi Shinta

KEPENCUT DEWI SHINTA
Plataran komplek Candhi Prambanan wis katon remeng-remeng. Srengengene wiwit angslup. Godhong-godhong pinus aweh kiss bye. Rembulan bunder kepleng sunare moblong-moblong wiwit mecungul siap ngganti madhangi bumi. Warnane jingga mudha.
Wengi iku, loket Ramayana dikebaki antrean. Sing wis antuk tiket sebagian langsung mlebu ing plataran gedhung sinambi nglaras mirengake irama seni cokekan, (irama siteran, kendhang , saron). Sing isih kepengin ngobrol padha mlebu kafé sacedhake loket. Salah sijine pengunjung kafe katon ana Nicky turis saka Negri Walanda sing wengi iku dikancani Pak Madu. “Nasi goreng special,” abane Nicky nalika pramusaji takon arep pesen apa. Pak Madu mung mesem. Priya kang pantese dadi bapakne Nicky iku mung ngangkat pundhake nalika Nicky nawani sega goreng. Carane ngeja tembung-tembung Indonesia, khas Landa.
“Aku kopi wae.” Wangsulane Pak Madu.
“Tidak makan nasi goreng? Saya yang bayar!”
“Terima kasih. Kamu persis Papimu dulu.”
` “O?!” Nicky ngangkat pundhak lan tangane. Lambene menjeb, sirahe diobahake miring ngiwa.
Pak Madu mesem sinambi gedheg-gedheg. Kekarone banjur ngakak bareng. Guyune pria loro iku kontan mandheg nalika ana Kenya mlebu kafé.
“Hot cocholate!” Suarane prawan ayu iku katone kesusu.
“Hot cocholate!” abane maneh karo ngawe pelayan kafé. Nicky lan Pak Madu pandeng-pandengan nalika weruh raine prawan iku wis dimake –up kandel, sajak arep njoget ing sendratari.


 Pancen bener. Prawan ayu lencir kuning iku Estri, penari utama ing Sendratari Ramayana. Puguh manajer kafé namatake Estri sedhela. Dheweke langsung menehi kode marang kasir supaya prawan iku didiskon rong puluh persen.
Ora nganti seprapat jam secangkir wedang cokelat panas pesenane Estri teka. Mahasiswi jurusan seni tari ing Universitas Negeri Yogyakarta iku langsung nyruput cokelate. Ora nganti sepuluh menit tandhas. Estri tumuju kasir. Puguh namatake saka kadohan.
“Kesusu?!” aloke Puguh.
“Iya mas, durung komplit dandanne. Wah entuk diskon, ya? Matur nuwun,” wangsulane Estri sawise maca angka ing nota sing kudu dibayar menyang kasir.
Nico lan Pak Madu sing lungguh ana pojokan melu namatake polahe Estri. Sakala Nicky kelingan jamane cilik. Nalika iku dheweke manggon ing Indonesia melu Papine sing nembe sekolah karawitan. Sinau karawitan, pindhah-pindhah kutha. Wiwit saka Bandung – Cirebon banjur andhok ing Ngayogyakarta meguru marang Pak Madu ing sekolah seni.


Ing Yogya, Pak Lidle, papine Nicky, milih nyewa omah ing tengah kampung. Jarene seneng guyub-rukune warga kampung. Ora mung Bu Lidle sing seneng nangga alias gaul ing omahe tangga-teparo. Nicky uga seneng kluyuran golek kanca. Senadyan ora ngerti omongane kanca-kancane ing kampung nanging Nicky nekat wae. Omongane kala-kala nganggo basa tarzan utawa basa Indonesia ajarane ibune. Kancane dolan dadi akeh. Salah sijine sing raket yaiku Ester. Bocahe pinter nari. Emane sawise papine rampung pasinaone, langsung mulih menyang Amsterdam. Nicky ora sempat pamitan Ester. Tekan negarane kenangan iku ora bisa langsung ilang.

Lulus kuliah, Nicky dadi ahli IT lan perusahaane nugasake dheweke menyang Singapura. Kontan Nicky kelingan marang Ester maneh. Mulane dheweke age-age mabur menyang Indonesia nglacak keberadaane Ester.Emane, Nicky ora ngerti menyang ngendi anggone arep nglacak Ester? Seminggu wisata menyang Ngayogya, nguber omahe Ester ing Njeron Beteng ora ketemu. Kampung ing sacedhake Kraton iku wis malih grembyang. Malih sakabehe. Ya suasanane, ya bentuk-bentuk omahe. Jarene wong kampung, bapak-ibune Ester wis suwe pindhah omah. Niate Nicky rendevouz karo Ester ora kelakon. Sing ketemu Pak Madu kang pancet kaya biyen. Bedane, Pak Madu wis ora gagah kaya nalika isih mulang Papine.



Lamunane Nicky jugar nalika Estri aweh esem. Nicky nggragap. Apamaneh nalika Estri wiwit ninggalake pendhapa kafe. Jangkahe katon kesusu. Nicky kepengin tetepungan nanging telat. Estri wis jumangkah rikat tumuju gedhung pertunjukan liwat lawang mburi. Tekan ruang make up, kanca-kanca penari katon padha dandan rapi.
“Wayah ngene lagi teka Tri?” aloke Dinda.
“Sarapan sik nyang kafé. Wiwit awan wetengku ora klebon pangan. Iki mau saka kampus langsung mrene. Saiki rada masuk angin. Aku numpak motor.”
“Salahmu dhewe ngapa ora melu bis jemputan?”
“Walah, mosok saka kampus ndadak ngidul sik menyang titik kumpul. Cedhak saka kampus, to?” wangsulane Estri sinambi ndhudhah isi kopere. Isine peralatan make –up lan kostum tari. Kaya kanca-kancane, Estri dandan dhewe. Penari kudu bisa dandan sesuai perane.
“Ayo! Ayo siap, ca!” bengoke Pak Darsana marang para penari. Iku aba-aba sendratarine siap digelar.



Lampu panggung dipateni pet! Tandha pertunjukan arep diwiwiti. Penonton langsung aweh keplok-keplok. Wengi iku lakone Shinta Obong. Garis besar ceritane, Dewi Shinta diculik Rahwana. Awaling bebana kawiwitan nalika Dewi Shinta nglanggar aturan. Ora oleh metu saka lingkaran sekti, nanging malah nerak wewaler iku merga kepencut kidang mas. Akibate dheweke diculik Rahwana. Prabu Rama berjuang ngrebut Dewi Shinta karana peperangan.
Cekaking crita, anoman putih sing sekti kasil nggawa bali Dewi Shinta. Anehe Sang Raja isih meragukan kesuciane Shinta. Kanggo mbuktekke isih suci, Shinta bunuh dhiri kanthi cara ngobong awake. Hm…geni sing mbulat-mbulat ora kuwawa ngobong badane Shinta. Rama saiki yakin sisihane isih suci.



Byar! Lampu panggung bali padhang maneh. Standing ovation saka penonton bergema. Sebagian penonton nyerbu panggung rebutan foto bareng para penari. Mangkono uga Nicky. Tangane langsung nyeret Pak Madu kang ora bisa mlaku rikat. Nicky adreng banget kepengin foto bareng pemeran Dewi Shinta. Ing tangane wis siap handy camp lan camera foto.
“Pak Madu yang ambil gambar, ya,” kandhane Nico nalika Dewi Shinta-ne isih dadi rebutan penonton.
“Ya sudah. Kamu ambil posisi yang bagus.”
Emane wengi iku Nicky mung bisa entuk kesempatan foto sedhela. Dheweke ora bisa kenalan langsung karo pemeran Dewi Shinta merga Kenya ayu iku digeret penonton liya sing uga kepengin foto bareng. Nicky yakin pemeran Dewi Shinta iku ora liya kenya kang ketemu ing kafe. Nicky emoh diajak mulih.
Pak Madu nggiring Nico menyang pintu samping sing nyambung karo ruang ganti. Meh sejam dicokoti nyamuk, sing ditunggu ora katon. Pak Madu wis theklak-thekluk tandha ngantuk.“Nunggu siapa, Pak?” pitakone satpam sing jaga lawang.
“Nunggu penari.Ini teman saya kepengin kenalan sama Dewi Shinta.”
Pak Satpam ora wangsulan. Dhewekke mung manthuk-manthuk. Suwe ora ana swara. Sepi.
“Bapak tunggu sini, ya. Saya carikan Estri.”
“Siapa itu?” pitakone Pak Madu.
“Pemeran Dewi Shinta itu.”
“O. Oh terima kasih. Saya tunggu di sini. Mudah-mudhahan dia mau.”
Nicky sajak ora sabar nunggu tekane satpam sing nembe wae mlebu. Embuh apa sing dipikirake.
“Pak! Pak! Masuk aja. Boleh, kok!” bengoke Pak Satpam. Nicky lan Pak Madu gage ngadeg. Kekarone diterake Pak Satpam menyang ruang ganti. Dalane rasa peteng. Platarane wis rungkut ketutupan suket.
Tekan ruang ganti, para penari wis rampung salin kostum. Make up wis dilap. Saiki kabeh tanpa make up. Katon asline. Mripate Nicky jelalatan nggoleki rupane Estri. Ora ana sing ditepungi.

“Itu yang jadi Dewi Shinta,” kandhane Pak Satpam kanggo nudingi Estri sing wis siap nyangking tas. Dheg! Nicky dumadakan dheg-dhegan. Satleraman kaya wis tau kenal karo prawan iku. Nanging dhewekke ora pati yakin. Dadine Nicky mung ngadeg nggejejer.
“Mbak. Iki lho digoleki. Ana sing arep kenalan,” kandhane Pak Satpam maneh. Estri noleh enere suwara. Dheweke meruhi bule lan priyayi sepuh kang surup mau ketemu ing kafé. Estri langsung ngampiri.
Kekarone banjur tetepungan.
Mau pulang?” Mau diantar?” pitakone Nicky to the point.
“Terima kasih. Saya naik sepeda motor. "
“Ayo mulih. Selak kewengen!” ajake kanca-kanca pria.
Estri sakanca tumuju parkiran. Para penari iku wis biasa nglajo Prambana-Yogya numpak motor senadyan panitia nyedhiakae bus feeder saka titik kumpul Sekolah Seni Rupa. Nanging numpak motor bareng-bareng, rame-rame kanggone cah enoman iku malah asyik.
Ing sadawane dalan, dumadakan kaya ana sing mecungul ing otake Estri. “Nicky..Nicky..Nicky..” gremenge Estri ing ati. “Kaya wis tau krungu lan kenal jeneng iku,” terus pangudarasa iku nggodha ati.



Nganti tekan omah, Estri tetep ora bisa ngeling-eling praupane Nicky. Dheweke dadi isin dhewe geneya kepengin ngeling-eling praupane pemudha sing mentas wae ditepungi. Nanging saya diilangi saya nggodha ati. Pungkasane tekan tengah wengi ora bisa merem.
Otake terus browsing .
Ups! Estri ngurupake lampu kamar. Tangane langsung mbukaki lemari buku. Tumpukan album kuna dijupuk. Sret! Nemu salembar foto kuno saka album lawas. Dheweke lagi rangkulan karo landa cilik aran Nico! Foto iku dipandengi suwe. Estri terus mikir, apa Nico anake tanggane biyen nalika cilik? Landa cilik anake tanggane kang wis pindah omah iku biyen, ora tau bisa nyebut dheweke Estri. Bisane nyeluk Ester merga ilate isih cedhal
*************
*Jakarta, 28 Mei 2009
**Crita cekak iki 100% khayalan. Foto-foto mung kanggo ilustrasi

22 Mei, 2009

Plesiran/Travels Yogya Nonton Sekaten

NONTON SEKATEN



Perayaan Sekaten diadani saben tahun ing Ngayogyakarta. Wis dadi kalender tahunan pariwisata. Sekatenan iki biasane didhisiki gelaran Pasar Malem ing Alun-Alun Lor Kraton Ngayogyakarta sesasi muput. Ngendikane para sepuh, Sekaten kanggo mengeti Maulud Nabi Besar Muhammad S.A.W. Dadi Sekatenan iku sejatine kanggo sarana dakwah karana pagelaran seni.Emane saiki sarana dakwahe saya luntur dening kebutuhan ekonomi. Perayaan Pasar Malem dadi luwih krasa dadi ajang bisnis. Dakwahe kesilep.

Intine Sekaten ditengeri metune sepasang gamelan kangungan Dalem Sri Sultan, Kyai Nagawilogo lan Kyai Guntur Madu. Gamelan saka Kraton diusung dening para abdi dalem menyang Masjid Agung, kairing rong bregada prajurit Kraton, Mantrijero lan Ketanggung. Acara iku minangka moment sing paling dienteni penonton arepa gamelane miyos tengah wengi.







Gamelan Kyai Guntur Madu sabanjure didelehake ana ing bangsal sangarepe masjid sisih kidul. Arane bangsal Pagongan. Dene Kyai Nogowilogo dipapanake ing Pagongan sisih lor. Wiwit dina iku (6 Rabiulawal) gamelan ditabuh terus-terusan wiwit esuk nganti wengi. Lerene mung yen pas wektu shalat.
Nikmate ngrungokake unine gamelan manawa karo nyambi jajan suruh kanggo nginang utawa ngicipi sega wuduk (sega gurih lawuhe ayam gurih plus sambel pecel, krecek/rambak, lalap godhong kemangi lan timun sarta kubis mentah hmm...nyam...nyam...nyam).



Nah, tanggal 11 Rabiulawal sawise shalat Isya, Ngarsadalem utawa utusane, miyos ing Masjid Agung ngestreni upacara Mauludan. Biasane banjur ana abdi dalem kraton macakake riwayat Nabi Muhammad S.A.W. nganti rampung. Sasuwene iku masyarakat ora kantu ngenteni konduran utawa mlebune sepasang gamelan menyang Kraton maneh. Mlebune gamelan iku pratanda yen perayaan sekaten wis rampung.
Nadyan saiki wis arang wong nginang, ing plataran mesjid isih akeh sing dodolan kinang, yoyo, gangsingan, caping pecut kanggo nyabeti sapi/kebo lan ubarampe tetanen. Kabeh laris manis.



Pasar Malem
Sasuwene gamelan ditabuh, ing alun-alun tetep ana keramean Pasar Malem. Isine wiwit saka hiburan/tontotan kaya Tong Setan (akrobat numpak sepeda motor mubeng tong sing digawe saka kayu.). Tontonan iki biasane laris. Sing nonton kawula mudha. Wiwit aku cilik tontonan kaya ngene iki wis akeh peminate. Ing sacedhake Tong Setan uga ana transportasi hiburan kanggo bocah-bocah cilik, yaiku numpak trim/trem. Tumpakne jaran-jaranan, mobil-mobilan.
Jenenge wae pasar malem, mesthine akeh wong dodolan. Wiwit panganan kuno aran bolang-baling (saka tepung terigu diuleni – digoreng rasane legi ) ondhe-ondhe, untir-untir, martabak, gulali, arum manis, nganti dodolan garmen lan pameran tanaman. Kabeh laris manis tanjung kimpul. Dagangan laris dhuwite kumpul.
Sawise gamelane mlebu kraton, Esuke, isih ana keramean maneh. Arane Grebeg Maulud. Tontonane arak-arakan gunungan saka bangsal Keben tumuju Masjid Agung. Gunungan iku minangka hajatane Ngarsadalem kanggo rasa syukur lan sabanjure dibagekake masyarakat. Mulane acarane regeng. Ana gunungan Jaler, Estri lan gepak.

Kanggo nunggu arak-arakan gunungan, masyarakat bisa nonton pameran barang-barang koleksi Kraton ing Pagelaran. Ana Kreta Kencana, miniatur upacara adat manten, tetesan, khitanan putra-putri raja. Uga ana beksan Srimpi lan Menak.





Aku begja bisa nonton saka cedhak Kreta Garuda Yeksa/Kreta Kencana kang dipesen Sri Sultan HB VI saka Jerman tahun 1867- 1869. Kreta kang wis tahu kanggo upacara kebesaran HB VIII, IX lan penobatan HB X iki lakune ditarik kuda cacah wolu.
Uga ana Kreta Jatayu zaman HB VIII 1925-1931. Kreta iki tanpa kusir. Biasane kanggo latihan pacuan kuda. Lakune kreta dikendhaleni plaer (player) kang lungguh ing badane kuda. Eh, jarane cacahe papat , lho.Emane pameran ani.kaya iki ora saben tahun diad



Kepengin mangerteni gambarane Grebeg Maulud? Beres. Saperangan travelling-ku wis takrekam. Gambare sebagean nyartani tulisan iki.
Salam.