10 Desember, 2009

Plesiran/Travels Aceh



"Serambi Mekah"

Wiwiwt cilik, aku kepengin banget bisa menyang Aceh. Mbok menawa aku kepilut cerita-cerita kepahlawanan Cut Nyak Dien. Nalika Aceh disaruk tsunami, ancur atiku. Nangis. Bumi kang jarene endah iku, remuk.
Tanpa dinuga, sasi Ramadhan tahun kepungkur, impenku menyang provinsi jejuluk "Serambi Mekah" kelakon. Sanadyan Ramadhan, aku ora kabotan. Justru kepengin ngerteni kekhusukane warga Aceh nindakake ibadah Ramadhan. Rasane uga ora sabar kepengin enggal tarawih ing Masjid Baiturrahman kang dienggo ngungsi warga Aceh kala tsunami ngamuk.

Tiket menyang-mulih Jakarta-Aceh-Jakarta wis beres. Hotel wis pesen. Uhuii! Esuk uthuk, aku wis bablas menyang Bandara Soekarno-Hatta. Mbok menawa wis rejekiku, ing bandara, aku oleh tepungan Direktur Eksekutif Yayasan Psikodista, Hj.Nur Janah Nitura. Sawise ngobrol ngalor-ngidul, Ibu kang ramah iki nawakake bantuan saupamane sasuwene ing Aceh aku kepentok kesulitan. Apa tumon bisa oleh kabegjan?

Nalika tsunami ngluluhake Aceh, Bu Nur, mbiyantu anak-anak lan wong wadon ing pengungsian. Pasca tsunami, Bu Nur, banjur memfasilitasi madegake koperasi simpan-pinjam aran Bijeh Mata Bunda. Bu Nur iki wanita Solo kang nikah karo pria Aceh.







Nyiur Melambai
Pesawat Garuda nggegana mulus ing satengahe mega biru endah. Tekan Bandara Sultan Iskandar Muda, Aceh Besar, srengengene wis meh angslup ngulon. Metu saka bandara, aku dipapag petugas hotel. Dakkira isine mobil jemputan iku mung aku. Tetela ana Ibu Yuriko, wanita asal Jepang. Dheweke ngaku minangka penghubung Kadin Jepang lan Kadin Indonesia. Ndilalah, kok ya nginep sa-hotel karo aku. Aku lan Ibu Yuri langsung akrab. Sing dibahas bab pengrajin lan hasil seni kerajinan kang dadi minatku lan minate Ibu Yuri.

Kanggo nglancarake tugas, aku nyewa mobil sasopire pisan. Wah, kaya aji mumpung, aku langsung telepon Bu Nur, nyuwun referensi rental mobil sing aman lan nyaman. Maklum, dadi tamu ing daerah kang mentas wae dadi dhaerah konflik. Durung ngerti sratenane. Bu Nur nyaguhi kirim mobil sasopire kang wis kafah desa-desa ing Aceh. Wengi iku aku bisa turu angler!

Esuke, mobil sasopire wis nunggu ing plataran hotel. Aku mung kari aba marang sopir menyang Dusun Durueng, Desa Cot Riwat, Kecamatan Masjid Raya, Kabupaten Aceh Besar. Aku pasrah, ora ngerti arah. Mas Sopir trengginas tenan anggone nyopir. Munggah-mudhun gunung, ngubengi desa, tumuju Cong Riwat kang penere ana pinggi pantai.



Subhanallah. Sadawane dalan saka hotel tekan Cot Riwat, pemandangane cuantiikk temenenan. Pantaine, nyiur kelapane, langite biruu. Waduuhhh, bumi kang elok iki, kok, ya suwe dadi daerah konflik. Dadi ora sempat mbangun papan wisata. Coba yen pantaine digarap, wuah, dadi tujuan wisata kang laris-manis.

Tekan Cong Riwat, aku dipahargya sekelompok ibu-ibu lan remaja kang cantik-cantik. Kabeh kerudhungan. Aku disambut ramah merga wis kangsenan wiwit saka Jakarta.
Mulih saka Cong Riwat, wis meh buka pasa. Mas sopir ngliwati prapatan pusat jajan sing isih sepi. Dadi, aku langsung mulih menyang hotel. Rampung buka pasa, aku nyewa becak bertenaga motor langsung ngibrit menyang Masjid Baiturrahman. Sing dakimpi tarawih ing Masjid Baiturrahman kelakon.




Dina kapindho, aku “ngidham” maneh buka pasa lan tarawih ing Baiturrahman. Rampung tugas kantor,isih rada sore. Aku langsung ndarus ing masjid. Bocah-bocah cilik, bapak-bapak lan ibu-ibu sinambi nunggu bedhuk buka, pada ngenteni bubur khas Aceh ing mburi masjid.











Mumpung durung buka aku mlaku-mlaku dhisik menyang prapatan Garuda, golek jajanan khas Aceh. Hm…nemu rujak Kembang Sari. Lezat tenan, merga bumbune diulek nganggo kacang.

Dina pungkasan, meh sepasar ana ing Aceh, aku antuk kaormatan nemoni Nyak Mu, ibu sepuh tokoh pengrajin songket Aceh. Nalika artis Christin Hakim syuting film Cut Nyak Dien, kain jarite nganggo songket karyane Nyak Mu. Ibu sepuh sing ramah iku yuswane 80-an. Anggone nemoni aku wis karo sarean. Jan, aku antuk kabegjan bisa ketemu Nyak Mu. Salam ormatku kanggo Nyak Mu. Muga tansah dirahmati Allah.S.W.T. Amin. Aku uga diidini foto-foto ing daleme Nyak Mu. Rumah panggung sing dakkagumi.






Hm..aku uga seneng bisa mubeng desa milang kori ing Aceh karo si mas sopir. Kenalan karo warga Aceh niliki sentra-sentra industri bordir, uga nyambangi Ibu Suryani ing Perumahan Cinta Kasih, Neuhen, Aceh Besar. Ibu Suryani iki pengrajin sulam khas Aceh kang aran Kasab.

Wah, pas nggoleki daleme Bu Sur, si Mas sopir rada bingung merga kawasan perumahane juembar tenan. Kaping pindho dheweke takon warga Aceh, kenalane. Nalika daktakoni, sapa kanca kekarone ku, dheweke mangsuli. "Kuwi mantan komandan GAM." Ups! aku nahan napas. Langsung paranoid! Nanging si Mas kang gagah rambute cepak iku tenang wae. Celathune, "Mantan anggota GAM, rata-rata saiki wis padha cekel gawe, urip wajar ing satengahe masyarakat."

Nyes! Aku ora perlu khawatir! Si Mas, rak wis ngeterake aku pirang-pirang dina. Mlebu-metu desa. He..he..he...


Nah, sebagian foto-foto kemegahan Masjid Baiturahman lan Gunung Seulawah kang katon gagah disawang saka Bandara Sultan Iskandar Muda, dakpamerke marang panjenengan sami. Mangga.
**********

Tidak ada komentar: