28 Desember, 2009

Plesiran/Travels Bukittinggi



Bukittinggi I am Coming!
Cihuiii…pungkasane aku bisa plesiran menyang Bukittinggi, Sumatra Barat. Kutha iki wis dakgadhang-gadhang pirang-pirang tahun. Plesiran akhir tahun tanpa beban!
Minangka jurnalis biasane aku teka-lunga menyang luar kutha utawa luar negeri kanggo urusan kerja.(ssttt…padahal sok nunut plesiran hi…hi…hi….) Nanging Jumat 18 Desember- 21 Desember 2009 wingi, aku murni plesiran. Tanpa beban!
Plesiran menyang kutha kang sejuk hawane iku wis dakrancang wiwit sesasi sadurunge dina H. Kancaku, Erna, karyawan perusahaan gedhe ing Semarang, lunjak-lunjak nalika dakajak. Kareben plesirane nengsemake lan sukses, jadwale dakrancang mateng.
Sepisan, pesen tiket pesawat Garuda liwat call centre. Cihuii…. oleh tiket promo pp. Jakarta-Padang-Jakarta mung Rp953.500/person. Kapindho pesen kamar hotel. Ups! Begjo maneh, oleh hotel cedhak karo kawasan wisata, Jam Gadhang, Ngarai Sianok, Munumen Bung Hatta, Istana Bung Hatta (saiki wis alih fungsi dadi kantor Pemda Bukittinggi. Dadi ora bisa disambangi), Pasar Atas lan Pasar Bawah kang kawentar iku. Hmm…Asyiiiik…bisa ngirit dhuwit transport! Maklum plesiran back packing…..
Kaping telu, maca peta, menyang papan endi wae lan arep wisata kuliner apa kang bisa ditekani sasuwene liburan kang mung telung dina telung bengi. (Kekarepane kakehan. Kepengin menyang Danau Maninjau, Singkarang…wualaaaah….) Kareben cepet kegayuh kabeh, aku telepon kanca anyar sing duwe rental mobil. Aku njaluk sopir kang terampil lan kaffah dalan. (Dalene menggak-menggok! Munggah-mudhun!)
Sawise disanggupi, aku njaluk dipethuk ing Bandara Minangkabau, Sabtu esuk, merga aku numpang flight paling awal.

Nggegana Sandhuwure Mega
Tekan hari H, sawise shalat Subuh, aku lan Erna langsung meluncur menyang Bandara Soekarno Hatta. Bagian Customer Service Garuda takon aku arep milih kursi cedhak cendhela utawa lorong. Jelas, ta, aku milih cendhela! Cuaca lagi cerah eman-eman yen ora motreti mega putih sing dadi hobiku saben numpang pesawat. Apa maneh perjalanan Jakarta-Padang pemandangane yahut.(Eh, sadurunge iki, aku tau dines menyang Padang, lho).




Musim liburan, kaya biasane Bandara rame banget. Aku lan Erna mampir menyang café, ngopi dhisik. Secangkir kopi panas plus cheese cake nikmate luar biasa. Erna milih Roti Boy kang harume nggoda irung. Aku lan Erna sengaja milih lungguh ing ruang tunggu kareben bisa nyawang polah-tingkahe wong-wong sing padah arep mangkat liburan.
Meh se-jam nunggu, akhire pesawat sing dakantu wis siap. Aku lan Erna setengah mlayu tumuju ruang boarding pass. Yap! Garuda siap menerbangkan penumpang! Yeahh….
Kamera foto siap ing tanganku wiwit sadurunge take off. Aku siap nembak obyek mega putih merga pesawat bakal nggegana ing sandhuwure mega. Oo.ooo..tetela gambar perbatasan Jakarta tumuju Padang ora kalah apike. Dadi foto perbatasan Jakarta-Padang langsung dakjepret. yen ana foto perbatasan jakarta ngarepe ana titik ireng, iku kang diarani Sumur1(eksplorrasi minyak?.)

Allahu Akbar! Mega-mega putih wis jentrek-jentrek kaya salju. Uuiihhh….kala-kala pikiranku nerawang nakal. Mendah endahe lan amazing-e saupamane ing antarane mega-mega putih iku aku bisa mrangguli malaikat-malaikat Allah S.W.T., lagi ngiring pesawat. Utawa takzim dzikiran…..Ah…Pikiranku kelepasan…biasane aku langsung istighfar….







Lagi tengah-tengahe ngudar angen-angen…..pramugari Garuda sing ayu-ayu lan ramah mbukak meja lipat ing sangarepku. Steak daging sapi kemebul, aromane nggoda ati njaluk enggal dirahabi. Gleg, sueger…ngombene guava jus. Buah irisan melon uga langsung ludhes.
Oo…o..oo….ana pulau-pulau cilik bunder-bunder ing tengah laut. Kameraku beraksi maneh. Banjur ana pulau sing wujude kaya pensil. Tetela iku Pulau Siberut, pulau-pulau gugusane Pulau Mentawai. Waoww….surprise banget! Aku durung tau meruhi Pulau Siberut kang kaya pensil iku. Nalika menyang Padang limang tahun kepungkur, aku keturon ing pesawat. Dadi ora weruh pemandangan elok iku.







Sadurunge pesawat landing, katon Selat Mentawai, Gunung Merapi lan Gunung Singgalang katon jejer. Kamangka jarake uadoh siji lan sijine. Kira-kira limang menit sadurunge pesawat landing, katon ana “tempuran” kali lan laut. Kabeh mlebu ing kamera. Kabeh foto-foto mau dak pajang ing blog iki kanggo panjenengan.

Alhamdulillah, pilot ng-landing-ake pesawat kanthi mulus ing Bandara Minangkabau sing isih gres. Penumpang sing ora sabar wis wiwit nguripake telepon seluller-e. Aneh. Wis ngerti bakal ngganggu sinyal pesawat tetep wae padha ng-aktiv-ake HP.



Mudhun saka pesawat, aku langsung ngontak sopir sing mapak. Jenenge Armen. Dheweke katon glebetake kertas putih ana tulisan jenengku. Hei! Armen langsung nggiring aku menyang parkiran. Hm…Gunung Singgalang katon gagah nambut tekaku. Ing mburine Singgalang ana Gunung Merapi sing krowak isi kawah. Kaya Gunung Merapi ing Yogya.
Isih ana cerita sambunge komplit plesiran menyang Bukittinggi, lho.
******************

Tidak ada komentar: