09 Desember, 2009

Plesiran/Travels Yogya Bakmi Bintaran Tengah



Pungkasan Nopember 2009, wayah sore. Ngayogyakarta digebyur udan deres pates. Dhasar weteng lagi keluwen. Pas liwat ing Jalan Bintaran Tengah, aroma bakmi goreng mangambar arum. Nusuk irung. Wuah, tambah luwe.

Wis suwe ora mulih menyang Ngayogya, rasa kangen maem bakmi langsung "ngiler". Pesthine langsung mlebu warung bakmi iku. Aku milih lungguh lesehan ing klasa. Sinambi nunggu sega magelangan (sega goreng campur mi kuning), daknikmati swasana sore sing lagi digebyur udah deres. Ing sakiwaku, sepasang kekasih lagi kasmaran, menikmati bakmi goring. Sepiring berdua. Ups! Aku dadi krasa kijenen.

Sore iku, aku kepengin menikmati kutha Ngayogya, kutha kelahiranku sing wis meh rong sasi daktinggal tugas ing Jakarta. Biasane sesai pisan mulih. Kepeneran Nopember pungkasan iku, ana tugas ing Yogya. Kepeneran. Dadi sawise sepasar muput nyambut gawe, dina iku aku kepengin ngenggar-enggar pikir. Kepener liwat Bintaran, kok, aroma bakmi Jawa ngambar arum. Wuih, kapan maneh bisa menikmati Yogya sinambi maem bakmi? Wuih, sedaap!


Lungguh klasa, slonjoran, sayahku krasa suda. Aroma bawang goreng tansaya nusuk irung. Sedhep banget. Si Mas katon sengkut nggangsa bawang. Kebayang rasa enake bakmi olahane si Mas. TV kuno kang njogrok ing ngarepku durung on. Aku emoh golek channel. Camera ing ransel enggal dakaktifake.Jepret-jepret…..asile, mangga dipunpriksani.

Gudhange Warung BakmiHm…ngomong soal kuliner bakmi? Ngayogyakarta pancen gudhange kuliner bakmi. Bakmi godhog, goreng, bihun godhog, bihun goreng, magelangan (campuran sega goring lan mi kuning), paling nyamleng jajane ing Yogya. Ibarate, Manawa panjenengan plesiran menyang kutha Ngayogyakarta, durung “lunas” manawa durung dhahar bakmi.
Sakjane warung Bakmi Bintaran Tengah iki dudu langgananku. Nanging merga weteng selak luwe, ora ana lupute aku nyoba bakmi ing kene. Biasane, yen ana Yogya,aku mesthi jajan bakmi ing warung lenggananku. Biasane, aku milih warung bakmi ing pojok kulon Alun-Alun Lor. Nikmat olahan bakmi lan sega gorenge, wis ta, ora bisa dipaido maneh. Wedang sing dakpilih, jahe bakar gula jawa.
Nah, miturut aku, bakmi Jawa paling enak iku yen anggone masak nganggo bahan bakar areng. Campuran bakmine endhog bebek. Dudu endhog ayam petelor. Isih akeh pedagang bakmi ing Yogya kang masake nganggo endhog bebek. Panjenengan bisa milih ing kawasan Jalan Bhayangkara, Pojok Beteng Kulon, Jln.Rotowijayan (sakulone Kraton).
Gampang banget nemu bakul bakmi Jawa ing Yogya wayah wengi. Sasat saben dalan gedhe utawa dalan kampung, mesthi ana sing bakul bakmi. Warung lenggananku liyane, ing Alun-Alun Pura Pakualaman. Ing kene uga ana jadah bakar. Wis ta gurih temenan.


Um…..Udane wis mandheg. Nanging langite durung sumilak. Wengine malah wiwit methukake dinaku. Sega magelanganku katon kemebul ing mejaku. Sapiring menceb. Ana lalapane, rajangan kubis lan acar. Magelangan wiwit dakcicipi sapucuk sendhok dhisik. Ufhh……top markotip! Gurihe pas. Dhasar weteng lagi keluwen, sasendhok...sasendhok...wuah, meh ludhes! Wetengku wis ora kuwawa nyimpen sega magelangan. Apa maneh meh sagelas wedang jeruk anget ngglontor segane. Wis...aku leren. Cukup 2/3 isine weteng. Sing 1/3 kanggo napas. Yen kemlakaren ora becik. Ora nganti Rp20.000 regane magelangan plus wedang jeruk. Weteng wareg temenan.
Aku pamitan si Mas bakul bakmi. Metu warung, nyetop taksi, mulih hotel. Mburu shalat maghrib!



Sadawane dalan, tumuju omah, isih kebayang nikmate sega magelanganne si Mas. Nyam…nyam…nyam…ayo cobanen!
Salam.

1 komentar:

bahasajawarini mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.