10 Juni, 2009

GEGURITAN8/Rembulan Abang

REMBULAN HANDADARI 1


Rembulan abang moblong-moblong ing sandhuwure stasiun Jombang
Manonni ayune panen pepujan mahkluk bumi salekuk-lekuke
Awane durung pamitan, njalari mbulan abang kudanan pitakonan
Arep menyang endi dhuh sunaring wengi saayuning-ayu?
Iki akeh prawan ayu ora leren sesambat kejoran sunarmu
(Mendah isinku sang rasa mecungul aweh sorak)
Aih…geneya kupingmu kalimput nista, netramu kesaput lendhut
Sanadyan eseming rembulan nanggal sepisan kari sajlerete alis prawan
Cahyane sapucete kafan
Rembulan ora kedhat ora telat sowan tetasbih, tahmid, takbir
Pan saiki purnama tasbehe ora bakal telat

Rasaku saiki gathuk
Rembulan abang moblong-moblong ing sandhuwuring stasiun Jombang
Manonni…manrang bumi ….aku jatuh hati, aku tut memuji Illahi


REMBULAN HANDADARI II
Rembulan abang temangsang ing gegodhongan rambutan
Aku kelangan swarane bocah-bocah dolanan jamuran
Rembulan abang madhangi ati katiban asmara
Sunare nlusup-nlusup kalbu biru
Aku kelangan swarane bocah-bocah tetembangan lagu Soyang
Iki wengi sepining asepi tanpa kidung asmara
Ing plataran jembar gilar-gilar iki kidung dolanane bocah-bocah kungkulan lagu-lagu gitar makantar
Swarane natoni ati serangane nggegilani
Aku kelangan dolanan kang biyen ngrenggani bumi pertiwi


REMBULAN HANDADARI III
Sasangka wutuh tumungkul ing langit manrangi plataran Masjiddil Haram
Sunare nyekseni mayuta-yuta jamaah nindakake tawaf kaping pitu diawali talbiyah :Bismillahi Wallahu Akbar.
Sasyi purnama tumungkul wutuh ing plataran Masjiddil Haram
Mayuta manungsa tundhuk tumungkul muteri Baitullah laku jajar rapi lir ubenging tata surya
Kabeh tumungkul tundhuk ing ngarsaNe, khusyu…
Ngagungake Asma Allah
Ngajab ridha Illahi
“Ya Rab Ingkang Maha Agung, paringana kawula kesaenan ing donya pan akhiratipun
Katebihna kawula saking siksa saha agnining neraka”

Wulane durung kendhat durung liwat isih manjer dadi seksi mahluk kang memuji
Ngucap shalawat konjuk maring Kangjeng Nabi Muhammad
Rembulan pancet tetasbih, tumungkul mancarake sunar ayune
Mayuta kawula saya banjir luh karana ngemis
“Dhuh Gusti Maha Welas-Asih , tinampia tobatan nasuha kawula
Tobat saking gunem nista, laku brahala
Resikana manah kawula saking cidra tinampia amal sadumil menika
Suku kawula taksih kesaput lendhut, tangan manira dereng kathah sedhekah
Dhuh Gusti Pemilik Gesang
Kersaa paring undhangan sowan makaping-kaping
Saupami dinten menika akhir saking undhangan Paduka
Dadosna laku wangsul kawula khusnul khatimah”

Wulane saya dhuwur, Allah Maha Luhur
Mayuta mahluk kelelep tafakur ing bumi suci
***********



Jakarta,9 Juni 2009

Tidak ada komentar: