01 Juni, 2009

CERKAK3/Kepencut Dewi Shinta

KEPENCUT DEWI SHINTA
Plataran komplek Candhi Prambanan wis katon remeng-remeng. Srengengene wiwit angslup. Godhong-godhong pinus aweh kiss bye. Rembulan bunder kepleng sunare moblong-moblong wiwit mecungul siap ngganti madhangi bumi. Warnane jingga mudha.
Wengi iku, loket Ramayana dikebaki antrean. Sing wis antuk tiket sebagian langsung mlebu ing plataran gedhung sinambi nglaras mirengake irama seni cokekan, (irama siteran, kendhang , saron). Sing isih kepengin ngobrol padha mlebu kafé sacedhake loket. Salah sijine pengunjung kafe katon ana Nicky turis saka Negri Walanda sing wengi iku dikancani Pak Madu. “Nasi goreng special,” abane Nicky nalika pramusaji takon arep pesen apa. Pak Madu mung mesem. Priya kang pantese dadi bapakne Nicky iku mung ngangkat pundhake nalika Nicky nawani sega goreng. Carane ngeja tembung-tembung Indonesia, khas Landa.
“Aku kopi wae.” Wangsulane Pak Madu.
“Tidak makan nasi goreng? Saya yang bayar!”
“Terima kasih. Kamu persis Papimu dulu.”
` “O?!” Nicky ngangkat pundhak lan tangane. Lambene menjeb, sirahe diobahake miring ngiwa.
Pak Madu mesem sinambi gedheg-gedheg. Kekarone banjur ngakak bareng. Guyune pria loro iku kontan mandheg nalika ana Kenya mlebu kafé.
“Hot cocholate!” Suarane prawan ayu iku katone kesusu.
“Hot cocholate!” abane maneh karo ngawe pelayan kafé. Nicky lan Pak Madu pandeng-pandengan nalika weruh raine prawan iku wis dimake –up kandel, sajak arep njoget ing sendratari.


 Pancen bener. Prawan ayu lencir kuning iku Estri, penari utama ing Sendratari Ramayana. Puguh manajer kafé namatake Estri sedhela. Dheweke langsung menehi kode marang kasir supaya prawan iku didiskon rong puluh persen.
Ora nganti seprapat jam secangkir wedang cokelat panas pesenane Estri teka. Mahasiswi jurusan seni tari ing Universitas Negeri Yogyakarta iku langsung nyruput cokelate. Ora nganti sepuluh menit tandhas. Estri tumuju kasir. Puguh namatake saka kadohan.
“Kesusu?!” aloke Puguh.
“Iya mas, durung komplit dandanne. Wah entuk diskon, ya? Matur nuwun,” wangsulane Estri sawise maca angka ing nota sing kudu dibayar menyang kasir.
Nico lan Pak Madu sing lungguh ana pojokan melu namatake polahe Estri. Sakala Nicky kelingan jamane cilik. Nalika iku dheweke manggon ing Indonesia melu Papine sing nembe sekolah karawitan. Sinau karawitan, pindhah-pindhah kutha. Wiwit saka Bandung – Cirebon banjur andhok ing Ngayogyakarta meguru marang Pak Madu ing sekolah seni.


Ing Yogya, Pak Lidle, papine Nicky, milih nyewa omah ing tengah kampung. Jarene seneng guyub-rukune warga kampung. Ora mung Bu Lidle sing seneng nangga alias gaul ing omahe tangga-teparo. Nicky uga seneng kluyuran golek kanca. Senadyan ora ngerti omongane kanca-kancane ing kampung nanging Nicky nekat wae. Omongane kala-kala nganggo basa tarzan utawa basa Indonesia ajarane ibune. Kancane dolan dadi akeh. Salah sijine sing raket yaiku Ester. Bocahe pinter nari. Emane sawise papine rampung pasinaone, langsung mulih menyang Amsterdam. Nicky ora sempat pamitan Ester. Tekan negarane kenangan iku ora bisa langsung ilang.

Lulus kuliah, Nicky dadi ahli IT lan perusahaane nugasake dheweke menyang Singapura. Kontan Nicky kelingan marang Ester maneh. Mulane dheweke age-age mabur menyang Indonesia nglacak keberadaane Ester.Emane, Nicky ora ngerti menyang ngendi anggone arep nglacak Ester? Seminggu wisata menyang Ngayogya, nguber omahe Ester ing Njeron Beteng ora ketemu. Kampung ing sacedhake Kraton iku wis malih grembyang. Malih sakabehe. Ya suasanane, ya bentuk-bentuk omahe. Jarene wong kampung, bapak-ibune Ester wis suwe pindhah omah. Niate Nicky rendevouz karo Ester ora kelakon. Sing ketemu Pak Madu kang pancet kaya biyen. Bedane, Pak Madu wis ora gagah kaya nalika isih mulang Papine.



Lamunane Nicky jugar nalika Estri aweh esem. Nicky nggragap. Apamaneh nalika Estri wiwit ninggalake pendhapa kafe. Jangkahe katon kesusu. Nicky kepengin tetepungan nanging telat. Estri wis jumangkah rikat tumuju gedhung pertunjukan liwat lawang mburi. Tekan ruang make up, kanca-kanca penari katon padha dandan rapi.
“Wayah ngene lagi teka Tri?” aloke Dinda.
“Sarapan sik nyang kafé. Wiwit awan wetengku ora klebon pangan. Iki mau saka kampus langsung mrene. Saiki rada masuk angin. Aku numpak motor.”
“Salahmu dhewe ngapa ora melu bis jemputan?”
“Walah, mosok saka kampus ndadak ngidul sik menyang titik kumpul. Cedhak saka kampus, to?” wangsulane Estri sinambi ndhudhah isi kopere. Isine peralatan make –up lan kostum tari. Kaya kanca-kancane, Estri dandan dhewe. Penari kudu bisa dandan sesuai perane.
“Ayo! Ayo siap, ca!” bengoke Pak Darsana marang para penari. Iku aba-aba sendratarine siap digelar.



Lampu panggung dipateni pet! Tandha pertunjukan arep diwiwiti. Penonton langsung aweh keplok-keplok. Wengi iku lakone Shinta Obong. Garis besar ceritane, Dewi Shinta diculik Rahwana. Awaling bebana kawiwitan nalika Dewi Shinta nglanggar aturan. Ora oleh metu saka lingkaran sekti, nanging malah nerak wewaler iku merga kepencut kidang mas. Akibate dheweke diculik Rahwana. Prabu Rama berjuang ngrebut Dewi Shinta karana peperangan.
Cekaking crita, anoman putih sing sekti kasil nggawa bali Dewi Shinta. Anehe Sang Raja isih meragukan kesuciane Shinta. Kanggo mbuktekke isih suci, Shinta bunuh dhiri kanthi cara ngobong awake. Hm…geni sing mbulat-mbulat ora kuwawa ngobong badane Shinta. Rama saiki yakin sisihane isih suci.



Byar! Lampu panggung bali padhang maneh. Standing ovation saka penonton bergema. Sebagian penonton nyerbu panggung rebutan foto bareng para penari. Mangkono uga Nicky. Tangane langsung nyeret Pak Madu kang ora bisa mlaku rikat. Nicky adreng banget kepengin foto bareng pemeran Dewi Shinta. Ing tangane wis siap handy camp lan camera foto.
“Pak Madu yang ambil gambar, ya,” kandhane Nico nalika Dewi Shinta-ne isih dadi rebutan penonton.
“Ya sudah. Kamu ambil posisi yang bagus.”
Emane wengi iku Nicky mung bisa entuk kesempatan foto sedhela. Dheweke ora bisa kenalan langsung karo pemeran Dewi Shinta merga Kenya ayu iku digeret penonton liya sing uga kepengin foto bareng. Nicky yakin pemeran Dewi Shinta iku ora liya kenya kang ketemu ing kafe. Nicky emoh diajak mulih.
Pak Madu nggiring Nico menyang pintu samping sing nyambung karo ruang ganti. Meh sejam dicokoti nyamuk, sing ditunggu ora katon. Pak Madu wis theklak-thekluk tandha ngantuk.“Nunggu siapa, Pak?” pitakone satpam sing jaga lawang.
“Nunggu penari.Ini teman saya kepengin kenalan sama Dewi Shinta.”
Pak Satpam ora wangsulan. Dhewekke mung manthuk-manthuk. Suwe ora ana swara. Sepi.
“Bapak tunggu sini, ya. Saya carikan Estri.”
“Siapa itu?” pitakone Pak Madu.
“Pemeran Dewi Shinta itu.”
“O. Oh terima kasih. Saya tunggu di sini. Mudah-mudhahan dia mau.”
Nicky sajak ora sabar nunggu tekane satpam sing nembe wae mlebu. Embuh apa sing dipikirake.
“Pak! Pak! Masuk aja. Boleh, kok!” bengoke Pak Satpam. Nicky lan Pak Madu gage ngadeg. Kekarone diterake Pak Satpam menyang ruang ganti. Dalane rasa peteng. Platarane wis rungkut ketutupan suket.
Tekan ruang ganti, para penari wis rampung salin kostum. Make up wis dilap. Saiki kabeh tanpa make up. Katon asline. Mripate Nicky jelalatan nggoleki rupane Estri. Ora ana sing ditepungi.

“Itu yang jadi Dewi Shinta,” kandhane Pak Satpam kanggo nudingi Estri sing wis siap nyangking tas. Dheg! Nicky dumadakan dheg-dhegan. Satleraman kaya wis tau kenal karo prawan iku. Nanging dhewekke ora pati yakin. Dadine Nicky mung ngadeg nggejejer.
“Mbak. Iki lho digoleki. Ana sing arep kenalan,” kandhane Pak Satpam maneh. Estri noleh enere suwara. Dheweke meruhi bule lan priyayi sepuh kang surup mau ketemu ing kafé. Estri langsung ngampiri.
Kekarone banjur tetepungan.
Mau pulang?” Mau diantar?” pitakone Nicky to the point.
“Terima kasih. Saya naik sepeda motor. "
“Ayo mulih. Selak kewengen!” ajake kanca-kanca pria.
Estri sakanca tumuju parkiran. Para penari iku wis biasa nglajo Prambana-Yogya numpak motor senadyan panitia nyedhiakae bus feeder saka titik kumpul Sekolah Seni Rupa. Nanging numpak motor bareng-bareng, rame-rame kanggone cah enoman iku malah asyik.
Ing sadawane dalan, dumadakan kaya ana sing mecungul ing otake Estri. “Nicky..Nicky..Nicky..” gremenge Estri ing ati. “Kaya wis tau krungu lan kenal jeneng iku,” terus pangudarasa iku nggodha ati.



Nganti tekan omah, Estri tetep ora bisa ngeling-eling praupane Nicky. Dheweke dadi isin dhewe geneya kepengin ngeling-eling praupane pemudha sing mentas wae ditepungi. Nanging saya diilangi saya nggodha ati. Pungkasane tekan tengah wengi ora bisa merem.
Otake terus browsing .
Ups! Estri ngurupake lampu kamar. Tangane langsung mbukaki lemari buku. Tumpukan album kuna dijupuk. Sret! Nemu salembar foto kuno saka album lawas. Dheweke lagi rangkulan karo landa cilik aran Nico! Foto iku dipandengi suwe. Estri terus mikir, apa Nico anake tanggane biyen nalika cilik? Landa cilik anake tanggane kang wis pindah omah iku biyen, ora tau bisa nyebut dheweke Estri. Bisane nyeluk Ester merga ilate isih cedhal
*************
*Jakarta, 28 Mei 2009
**Crita cekak iki 100% khayalan. Foto-foto mung kanggo ilustrasi

Tidak ada komentar: