12 Agustus, 2013

NONTON JATHILAN


 
NONTON JATHILAN
Para kadang sutresna basa Jawa Nyuwun sewu blog iki wis wiwit 2011 ora aktif, ora bisa up date. Nganyarake kabar. Larahe merga aku lali password lan ketungka gawean kang sasat ora ana enteke. Mula aku nyuwun pangapura ora bias up date. Mumpung Dina Riyaya 1434 H, daksengkakake mulihake password blog iki saengga aku bisa “mlebu” maneh kanggo nganyarake pawarta ing blog bahasajawarini. Dina iki aku atur pawarta bab kesenian Kuda Lumping kang biyen katerah Jathilan.

Kesenian Kuda Lumping iki ing Ngayogyakarta lagi dirembakakake maneh. Salah sijine kang daktonton Minggu (11/8/2013) wingi. Paguyuban Seni Kuda Lumping Sendi Budaya, saka Desa Hargobingangun, Pakem, Sleman, Yogyakarta. Kesnian iki lagi ditanggap wong duwe hajat khitanan.
Wadhuh sanadyan kesenian rakyat in iwis ngoyot ing satengahe masyarakat pinggiran Ngayogyakarta, nanging kok yo aku tetep miris, nalika meruhi pemaine nganggo "kelangan kesadharan". Apa maneh rombongan penarine ana wong wadon sing ayu-ayu.
Kesenian Kuda Lumping dibuka karana njoged biasa kairing tabuhan gamelan dikembangi tetembangan Jawa. Banjur saya suwe pemaine “ndadi”. Penonton ngertine ndadi iku ya kesurupan/trans. Penontone akeh sing kahibur, ana uga kang malah kami tenggengen yen meruhi pemaine wiwit kaku-kaku. Penontone wiwit batita nganti simbah-simbah.
Nalika keseniane arep dirampungi, pawange kuda lumping mbaka siji mulihake kesadharane pemaine. Kala-kala pawange katon kewalahan mergo pemaine aneh-aneh penjaluke.Nah ing kene iki titik puncak “hiburane”. Lha piye ora “kehibur” lan geli yen mbaka siji roh alus sing arep “bali menyang alame lelembut”, ana sing njaluk keluk bakaran kemenyan, njaluk dilurupi jarik, njaluk salaman karo sing nanggap (duwe hajatan tetakan/khitanan). Ana maneh sing mbanggel “ora gelem mulih” yen durung ditandhu rame-rame dening pawange.
Sing rada entheng pemain wadon. Trans-ne ora pati parah, saengga pawang wadon lan pria "gampang" mulihake kesadharane.
Ing blog iki dakbagi tontonan iku katur panjenengan sedaya. Mangga disemak saka foto-fotoku.
Salam.
EPISODE PEMAIN WEPIDOSE PEMAIN WADONADON EPISODE PEMAIN WADON
EPIDOSE PEMAIN WADON
Mula bukane jejogedan.Wigatosno praupane isih sumunar, eseme manis.


Sawise jamange penari dicopot dening pawange, banjur padha trans


Ngombe apa wae sing ana sangarepe

Pawang wadon ngirit penari  sing wis trans wis"sowan" pawang "master" kareben pulih kesadharane.


EPISODE PEMAIN PRIYA EPISODE PEMAIN PRIYA


Ulahe penari priya nalika "ilang kesadharan dhiri".Njaluk "mangan" keluk menyan.
Yen ngelak ngombene banyu degan.
Kala-kala ana sing ngokop banyu kembang setaman.
Ora cukup pawang siji kanggo mulihake kesadharane pemain.
Suasana nalika para pawang arep mulihake kesadharan pemaine.




Ana sing njaluk dilurupi jarik sadurunge "bali" ing alam kesadharan.
Sawise dilurupi disiram banyu kembang setaman.
Ana sing nglawan marang pawang pas pemaine "ndadi".

.Pas ndadi ana sing njaluk salaman dhisik karo bocah sing dikhitan.
Ana sing diceluk Si Mbah, njaluk numpak jaran kepang lan disunggi sadurunge saguh "mulih ing alame"

Tidak ada komentar: