21 Februari, 2009

Plesiran/Travels Yogya Nonton Gerebeg Syawal

Nonton Gerebeg Syawal

Lebaran kepungkur aku nglodhangake nonton metune gunungan ing Kraton Ngayogyakarta. Karamean iku arane Gerebeg Syawal. Iku salah sijine hajad Dalem Ngarsadalem Sri Sultan Hamengku Buwana kang wis turun temurun nganti HB Kaping X saiki. Suasanane rame banget.

Hajat Dalem gunungan diadani kaping pindho. Yaiku kanggo mengeti Mauludan (Maulud Nabis Besar Muhammad SAW) – biasane sawise ana Pasar Malem Sekatenan. Kaping pindhone sakwise Ramadhan kang aran Gerebeg Syawal.

Metune Gunungan biasane diawali metune arak-arakan prajurit Kraton kang aran Daeng, Wirabyara, Ketanggung, Jagakariya, Lombok Abang, Patangpuluh lan Bugis. Arane bergada prajurit Kraton iku padha karo araning kampung-kampung ing Ngayogya. Yaiku Patangpuluhan, Wirabrajan, Jagakariyan, Ketanggungan lan Bugisan.





Kampung-kampung iku ana saknjabane beteng Kraton. Ing kampung-kampung iku mbiyen, ngendikane para sepuh, papan panggonane abdi Dalem Prajurit Kraton. Sing rada beda yaiku prajurit aran Bugis. Ngendikane eyangku suwargi, para prajurit asal Bugis/Makasar iku kang duwe jasa marang kraton saengga kaparingan papan panggonan ing Bugisan, penere ana ing sakulone Pojok Beteng Kulon.
Arak-arakan prajurit Kraton dipandhegani dening Manggalayuda sing biasane diawaki dening putra/rayi dalem Sultan HB.



Sadurunge diarak menyang plataran Masjid Gede, Kauman, gunungane biasane dileremake ing Keben – sangarepe regol Brojonolo (regol utama) Kraton Ngayogyakarta. Sawise prajurite mubeng beteng kraton, banjur mlebu Keben methuk abdi dalemKraton kang ngusung gunungan.


Satekane plataran masjid, gunungane dirayah masyarakat. Ana sawetara sanak tani sing isih percaya manawa gunungan yang digawe saka sayuran, endhok bebek, krupuk mentah, entho-entho (tepung beras dikepeli digoreng nganti warna cokelat) iku bisa nekani kesuburan sawah/kebone.
Sinambi nunggu metune gunungan aku jajan jajanan tradisional kaya gudhangan, endhog abang, jadah&tempe (cara maeme ditumpuk kaya sandwich). Swasana gerebek syawal isih meriah. Mangga takaturi mriksani sawetara foto-fotone kanggo tamba kangen. Utamane sing lenggah ana luar provinsi DiY lan manca negara. Salam