12 Februari, 2009

CERKAK 2


NIKMATE SLAMET
“Wis tau urip mlarat, Mbak?”
Aku mung bisa mlongo krungu pitakone Lani kang ora taknyana-nyana. Nalika ngucap tembung-tembung iku raine datar tanpa ekspresi. Lumrah wae yen dheweke takpencerengi. Lani ora perduli. Mripate isih tetep lurus nyawang dalan. Tangane nyetir mobil Xtrail ireng seri terbaru. Iku mobile kang katelu sing parkir ing omahe.

“Wangsulanmu nyleneh. Aku rak mung weling aja workaholic. Kerja saka esuk tekan esuk maneh, kala-kala nganti lali njaga kesehatan. Omah, mobil, wis duwe. Apa maneh sing digoleki?” wangsulanku ngendhani omongane.
“Aku ya mung takon, apa Mbak Rini wis tahu urip mlarat? Turu ing ngisor jembatan?”
“Pitakonmu kok, aneh. Ya durung, ta? “Pantesan ora ngerti piye rekasane urip mlarat. Aku wis ngrasakke kabeh, Mbak.”
“Wis ta aja dieling-eling maneh. Kuwi crita lama. Nyatane saiki uripmu kepenak.”
“Iki merga aku kerja keras…keras!” Wangsulane karo tangane nggrebrak stir mobil.
“Sing berjuang mentas saka kemiskinan ora mung kowe, kok?
“Aku trauma, Mbak. Trauma dadi gelandhangan. Ora ngerti sapa wong tuwaku, weteng luwe ora bisa turu. Mula aku kudu kerja keras…kerja keras terus kareben ora bali mlarat saanak turunku.”

Aku onjal ambegan. Emoh wangsulan maneh. Yen takterusake wangsulane Lani mesthi saya nggladrah tekan ngendi-endi. Aku trima mingkem rapet apamaneh mobile wis wiwit mlebu plataran omahe. Omah kang asri lan gres. Modele minimalis pancen lagi ngetrend.
Ana telung kamar ing omah iku. Siji kanggo Lani, siji maneh kanggo Bu Sumarah lan ing mburi ana kamar kanggo calon pembantu. Tatanan interiore cocok karo irama kerja lan uripe Lani sing isih lajang lan dinamis. Ing iring omah ana garasi gedhe bisa momot mobil loro. Mobil ireng sing gres diparkir ing carport. Mobil sing gedhe kanggo moda transportasi karyawane, sing loro kanggo gonta-ganti mobilitas dhewekke. Aku rada meri yen meruhi mobil apik-apik iku. Geneya ora meri yen sadina-dina tumpakkanku mung trima sepeda motor. Mula yen lelungan karo Lani, dhewekke mesthi sing ngampiri menyang omahku.






Wiwit cilik dhewekke kayadene adhiku dhewe. Mula aku ora rikuh nyereg pola urip lan pikirane sing berubah drastis. Samubarang sing dialami dakweruhi. Wiwit dhewekke dientasake Bu Sumarah saka ngisor jembatan, banjur diopeni, disekolahake.
Imbal balike, mulih sekolah, Lani kudu mbiyantu Bu Sumarah kang kala iku buka warung soto ayam cedhak omahku. Lani bocah sing sregep, temen, lan lantip pikire, mula Bu Sumarah ora eman ngragadi sekolah. Tamat SMA Lani dikuliahake dening Mas Warsono putra tunggale Bu Sumarah kang wektu iku dadi guru SD. Mas Warsono uga sayang banget marang Lani. Dianggep adhi kandhung sanadyan nyata banget bedane. Pakulitane Lani kuning, mripate sipit. Dene Mas Warsono ireng thuntheng. Kereng. “Don’t judge a book by the cover .” Ngendikane bapakku suwargi. Mas Warsono wonge temen, atine apik tenan.

Emane, umure Mas Warsono ora dawa. Dhewekke ketabrak bus sawise nyabrangake murid-muride ing dalan gedhe ngarep sekolahan. Tangise Bu Sumarah lan Lani ora cukup seminggu. Meh wae Lani putus asa merga wedi ora bisa nerusake sekolah. Tujune Bu Sumarah sadar ora keterusan nglokrone. Bu Sumarah ikhlas, kabeh harta benda lan asuransi kecelakaanne Mas Warsono kanggo ragad kuliahe Lani nganti rampung.
Iku sebabe Lani ora mung kepotangan becik marang Bu Sumarah. Nanging uga nyawa lan masa depane. Nalika Lani kasil dadi sarjana akuntansi, dhewekke berjuang keras dadi akuntan profesional. Dheweke uga ora lali marang ibu angkate. Istilahe gentenan ngepenakkake urip. Bu Sumarah sing wiwit bola-bali gerah diboyong menyang omahe Lani kang gilar-gilar.
“Mbak Rini wis shalat?” pitakone Lani nggugah lamunanku. “Wis meh jam papat, lho.”
“Iya ta? Waduh gara-gara dalane macet dadi kelangan wektu dhuhur. Ndadak dijamak karo Azhar, ki.”
wangsulanku panik. “Ayo barengan wae,” ajakku.
“Wis, Mbak Rini dhewe wae. Aku gampang.”
“Maksude?”
“Ya gampang,” wangsulane Lani banjur ngloyor ngono wae.
Aku paham. Kenya siji kuwi ora tau nglakoni ibadah. Sing dipikir rina klawan wengi mung kerja..kerja lan kerja. Target lan target. Dheweke terlalu keras marang dhiri sendiri nganti lali mikir kapan arep omah-omah.
Sarampunge aku shalat aku ngaruhake Bu Sumarah kang lagi leyeh-leyeh mriksani tivi. Lani wis nunggu tekaku ing teras samping sinambi nyruput kopi.
“Ayo ngopi sik,” kandhane Lani karo nyodhorake cangkir ijo isi kopi.
“Iki sertifikate omah iki. Tulung diuruske ya Mbak. Pokoke oleh modal. Cukup kanggo mbayar lemah sing kita tonton mau. Yen kurang mengko BPKB mobil loro bisa kanggo tambah. Mobil sing ireng durung lunas dadi ora ana BPKB-ne ha..ha..ha…”
Sertifikat daktontoni lembar demi lembar. Lani njaluk tulung supaya aku ngurusake kredit nganggo sertifkat merga aku nyambut gawe ing bank. Sejatine atiku rada gemledheg, geneya Lani saiki dadi ambisius banget arep bisnis properti. Kaya-kaya ora ana syukure marang rejeki kang wis diduweni. Yen dipikir, penghasilane saka profesi akuntan rak wis uakeh. Nyatane bisa tuku omah lan mobile telu. Terus arep kanggo apa dhuwite, anak lan bojo durung duwe.
“Apa ora kejembaren ta lemah mau?”
“Lho yen dikapling bisa dadi ruko pirang-pirang. Yen didol untunge gedhe.”
“Yen untung gedhe dhuwite arep dienggo apa, Lan?
“Ya kanggo investasi, ta. Wis, pokoke Mbak Rini ngurus kreditku wae.”
Aku ora wangsulan maneh merga kelingan wangsulane Lani mau awan. Trauma. Wedi mlarat. Mula sawise nyruput kopi pungkasan, aku pamitan. Bu Sumarah digandheng lani melu nguntapake tekan plataran. Tindake wis katon grayah-grayah. Wis ora gagah kaya limang tahun kepungkur. Dhewekke ndhadhahi aku nalika sepeda motor sing daktumpaki metu saka plataran.
Tekan omah sikilku pegel ora karuan. Sedina muput ngeterake Lani nontoni lemah ing telung lokasi. Yen ora ngelingi hubunganku karo dhewekke wis kaya mbakyu-adhi, rasane memeng.
Sepeda motor dakparkir. Aku banjur adus. Seger pikir seger badanku. Saiki wayahe mbukak laptop, ngecek email ing website sing telung dina wis ora dakbukak. Liwat website aku dodolan lulur segar. Kabeh bahane sarwa tradisional. Pelangganku kejaba kanca kantor, ya saka luar kota. Media sekti aran website iku pancen mbiyantu ekonomi keluargaku.


Laptop daktutup. Aku enggal ngecek persediaan lulur. Pranyata ora nyukupi order. Kepeksa aku ngracik bahan lulur. Bapake anak-anak nganti kapiran ora dicepaki dhahar. Rampung ngolah lulur meh tengah wengi. Badan rasane kaya arep remuk-remuka.
Aku siap mapan turu nalika ana tandha bib hand phone. Lani nelephon.
“Mbak Rini hu…hu…hu…Mbak Rini…hik..hik ..hu…cepet nyang omahku!’
“Ana apa? Iki wis wengi. Kowe nangis…ana apa?”
Ora ana wangsulane Lani. Sing keprungu mung suwarane wong ribut. Atiku wiwit krasa ora kepenak. Aku menyat saka tempat tidur banjur menyang garasi nyandhak sepeda motor. Tanpa pamitan bojo, motor takgas menyang omahe Lani.
Blaik, omah asri kang sore mau isih njenggarang, saiki diamuk geni. Ora ana mobil pemadam kebakaran. Sing ana warga lan mung satpam sing lagi nyirami geni nganggo ember cilik. Ora sebandhing karo geni kang makantar-kantar. Ibu-ibu pating jlerit merga wedi yen genine mrambat menyang omahe. Aku katut panik merga ing perumahan iku ora akeh wong lanang. “Rata-rata sing lanang dhines ing luar kota,” kandhane Lani nalika sepisanan pindhah ing perumahan iku.
Wengi iku dakprangguli Lani lagi ndhekep Bu Sumarah kang katon syok banget. Katon Lani mung nganggo pakaian tidur. Sing digegem mung hand phone.
“Apa sebabe Lan?”
“Listrike mati. Rekane ibu nyulet teplok arep digawa menyang kamarku. Teploke tiba ngobong karpet. Ibu gugup…..”
“Ya wis…wis…kebacut.”
“Entek kabeh Mbak. Sing dakpikir mau mung Ibu. Ibu dakseret metu. Tindake rindhik. Aku ora sempat nylametake apa-apa maneh. Mobil ireng iku slamet merga disurung satpam. Mobil sing ana garasi musna kabeh. Apa salahku?” sambate Lani karo sesenggukan ing kekepanku. Aku ora bisa wangsulan apa-apa. Daktontoni mbaka sethithik geni iku ngluluhake omah saisine. Harta-bendha kebanggaanne Lani oncat saka gegemane.
Sudah bersyukur saja. Bu Lani dan Ibu masih bisa selamat. Harta-benda bica dicari lagi,” pocape wanita sepuh karo ngelus-lus gegere Lani.
Luhku temetes terharu. Iki pacoban abot. Iki pelajaran abot tumrape Lani. Apa Gusti Allah lagi ngajari dheweke carane bersyukur?
***********

1 komentar:

Anonim mengatakan...

salut buat anda....
masih mau berkarya dalam dunia Jawa....

jangan pernah bosan berkarya....