20 Mei, 2009

GEGURITAN7/Ketemu Sliramu




CALON LEGISLATIF

Petualang-petualang masa depan negara wis padha ngegla karepe
Ana kang sumunar semburat sakinclonge swarosky
Ana kang ngemu karep pribadi kalimput aruming melati
Kekarone ana garis kang padha, rebut maju sikut-sikutan rebut ngarep

Sing kalah ora kuwawa nggendhong kuciwane dadi kecelik
Andhoke nyang rumah sakit jiwa
Sing kuwawa nggendhong kuciwane mendhem ageng lingseme
Celathune, ora kalah mung kurang suwara pendhukunge

Petualang-petualang masa depan negara kandhane berjuang kanggo rakyate
Nyatane langkah sukune ora teteg tekan karo apa kandhane
Sasat kabeh mung berjuang kanggo kelompok lan urusan pribadine
Kaya-kayaa kursi kang direbutake urusane donya-akhirate
Kalah direwangi bunuh dhiri, yen menangi menange ngoncati janji


KETEMU MANEH

Wengine nggawa angin panas nalika netramu tumbukan karo mripatku
Angine kadya ngipasi ati kang suwe ora pethuk, mak nyes
:”Gawe gethuk sesuk pisan nimas
Suwe ora pethuk, pethuk pisan kemranyas.”

Wengine dumadakan tintrim karana pandulumu
Saiki aku ngerti apa kang ana telenging atimu
:”Endah dhirimu esthi regeng ing pandulu
Mendah yen sliramu mangerti isi telenging atiku.”

Wengine cetha nggawa asmara kuna
Nanging sing gathuk mung netra kita, surasane ati nubruk tembok bata
Plataran TIM saksi kita
:“gandane arumdalu warih
Apa kita bisa ketemu maneh?”

Jakata, April 2009