Perayaan Sekaten diadani saben tahun ing Ngayogyakarta. Wis dadi kalender tahunan pariwisata. Sekatenan iki biasane didhisiki gelaran Pasar Malem ing Alun-Alun Lor Kraton Ngayogyakarta sesasi muput. Ngendikane para sepuh, Sekaten kanggo mengeti Maulud Nabi Besar Muhammad S.A.W. Dadi Sekatenan iku sejatine kanggo sarana dakwah karana pagelaran seni.Emane saiki sarana dakwahe saya luntur dening kebutuhan ekonomi. Perayaan Pasar Malem dadi luwih krasa dadi ajang bisnis. Dakwahe kesilep.
Intine Sekaten ditengeri metune sepasang gamelan kangungan Dalem Sri Sultan, Kyai Nagawilogo lan Kyai Guntur Madu. Gamelan saka Kraton diusung dening para abdi dalem menyang Masjid Agung, kairing rong bregada prajurit Kraton, Mantrijero lan Ketanggung. Acara iku minangka moment sing paling dienteni penonton arepa gamelane miyos tengah wengi.
Gamelan Kyai Guntur Madu sabanjure didelehake ana ing bangsal sangarepe masjid sisih kidul. Arane bangsal Pagongan. Dene Kyai Nogowilogo dipapanake ing Pagongan sisih lor. Wiwit dina iku (6 Rabiulawal) gamelan ditabuh terus-terusan wiwit esuk nganti wengi. Lerene mung yen pas wektu shalat.
Nikmate ngrungokake unine gamelan manawa karo nyambi jajan suruh kanggo nginang utawa ngicipi sega wuduk (sega gurih lawuhe ayam gurih plus sambel pecel, krecek/rambak, lalap godhong kemangi lan timun sarta kubis mentah hmm...nyam...nyam...nyam).
Nah, tanggal 11 Rabiulawal sawise shalat Isya, Ngarsadalem utawa utusane, miyos ing Masjid Agung ngestreni upacara Mauludan. Biasane banjur ana abdi dalem kraton macakake riwayat Nabi Muhammad S.A.W. nganti rampung. Sasuwene iku masyarakat ora kantu ngenteni konduran utawa mlebune sepasang gamelan menyang Kraton maneh. Mlebune gamelan iku pratanda yen perayaan sekaten wis rampung.
Nadyan saiki wis arang wong nginang, ing plataran mesjid isih akeh sing dodolan kinang, yoyo, gangsingan, caping pecut kanggo nyabeti sapi/kebo lan ubarampe tetanen. Kabeh laris manis.

Pasar Malem
Sasuwene gamelan ditabuh, ing alun-alun tetep ana keramean Pasar Malem. Isine wiwit saka hiburan/tontotan kaya Tong Setan (akrobat numpak sepeda motor mubeng tong sing digawe saka kayu.). Tontonan iki biasane laris. Sing nonton kawula mudha. Wiwit aku cilik tontonan kaya ngene iki wis akeh peminate. Ing sacedhake Tong Setan uga ana transportasi hiburan kanggo bocah-bocah cilik, yaiku numpak trim/trem. Tumpakne jaran-jaranan, mobil-mobilan.
Jenenge wae pasar malem, mesthine akeh wong dodolan. Wiwit panganan kuno aran bolang-baling (saka tepung terigu diuleni – digoreng rasane legi ) ondhe-ondhe, untir-untir, martabak, gulali, arum manis, nganti dodolan garmen lan pameran tanaman. Kabeh laris manis tanjung kimpul. Dagangan laris dhuwite kumpul.
Sawise gamelane mlebu kraton, Esuke, isih ana keramean maneh. Arane Grebeg Maulud. Tontonane arak-arakan gunungan saka bangsal Keben tumuju Masjid Agung. Gunungan iku minangka hajatane Ngarsadalem kanggo rasa syukur lan sabanjure dibagekake masyarakat. Mulane acarane regeng. Ana gunungan Jaler, Estri lan gepak.
Kanggo nunggu arak-arakan gunungan, masyarakat bisa nonton pameran barang-barang koleksi Kraton ing Pagelaran. Ana Kreta Kencana, miniatur upacara adat manten, tetesan, khitanan putra-putri raja. Uga ana beksan Srimpi lan Menak.


Aku begja bisa nonton saka cedhak Kreta Garuda Yeksa/Kreta Kencana kang dipesen Sri Sultan HB VI saka Jerman tahun 1867- 1869. Kreta kang wis tahu kanggo upacara kebesaran HB VIII, IX lan penobatan HB X iki lakune ditarik kuda cacah wolu.
Uga ana Kreta Jatayu zaman HB VIII 1925-1931. Kreta iki tanpa kusir. Biasane kanggo latihan pacuan kuda. Lakune kreta dikendhaleni plaer (player) kang lungguh ing badane kuda. Eh, jarane cacahe papat , lho.Emane pameran ani.kaya iki ora saben tahun diad
Kepengin mangerteni gambarane Grebeg Maulud? Beres. Saperangan travelling-ku wis takrekam. Gambare sebagean nyartani tulisan iki.
Salam.