27 Februari, 2009

GEGURITAN6/Emailmu Wingi Sore

EMAILMU WINGI SORE
Wis takwaca emailmu wingi sore
Tembung-tembungmu kadya kapas salju
Arum mangaru-biru
Nglangut nglarutake rasa kang meh ruruh rapuh
Aku ngerti surasane
Aku ngerti kekarepane

Wis takwaca makaping-kaping emailmu
Tembung-tembungmu saendahing kembang setaman semanis madu
Mesthine daksabrangi lautan biru
Mlipiri mega-mega biru rerenggan kapas putih salju
Nemoni sliramu

Takwaca maneh emailmu wingi sore
Kandhamu aku wewayang telenging atimu
Tembung-tembungmu taksurasa jero, pranyata memanis tebu
Manis…manis…manis….pungkasane sepah
Apuranen aku gawe gelamu, ora sida melu

**********



TAMAN ASRIKU
Tembang ing tembung-tembung prasaja iki arane taman alit atiku
Wis suwe ora kasiram banyu asat kasirep wektu
Katon mbleder tan tinata tetes srep asri sinawang netra
Taman atiku peteng, taman ati tanpa rengeng-rengeng
Wingit…lindhung mendhung sepining asepi

Bun embun esuk tumetes…….
Nggugah raina nggugah netra…..

Tembung-tembung suri saiki bali takronce edi
Tinata mutiara manik byar sumunar padhang pangajabku regeng
Mara tekaa kumbang, semprang, kupu ngregengake taman alit iki
Nembanga, nggurita, sekedhap maneh padhang mbulan
Ngrenggani mega ireng katerak pradipta mega putih arak-arakan
Ayo kanca ayo dolanan ana taman alit iki
******

21 Februari, 2009

Plesiran/Travels Yogya Nonton Gerebeg Syawal

Nonton Gerebeg Syawal

Lebaran kepungkur aku nglodhangake nonton metune gunungan ing Kraton Ngayogyakarta. Karamean iku arane Gerebeg Syawal. Iku salah sijine hajad Dalem Ngarsadalem Sri Sultan Hamengku Buwana kang wis turun temurun nganti HB Kaping X saiki. Suasanane rame banget.

Hajat Dalem gunungan diadani kaping pindho. Yaiku kanggo mengeti Mauludan (Maulud Nabis Besar Muhammad SAW) – biasane sawise ana Pasar Malem Sekatenan. Kaping pindhone sakwise Ramadhan kang aran Gerebeg Syawal.

Metune Gunungan biasane diawali metune arak-arakan prajurit Kraton kang aran Daeng, Wirabyara, Ketanggung, Jagakariya, Lombok Abang, Patangpuluh lan Bugis. Arane bergada prajurit Kraton iku padha karo araning kampung-kampung ing Ngayogya. Yaiku Patangpuluhan, Wirabrajan, Jagakariyan, Ketanggungan lan Bugisan.





Kampung-kampung iku ana saknjabane beteng Kraton. Ing kampung-kampung iku mbiyen, ngendikane para sepuh, papan panggonane abdi Dalem Prajurit Kraton. Sing rada beda yaiku prajurit aran Bugis. Ngendikane eyangku suwargi, para prajurit asal Bugis/Makasar iku kang duwe jasa marang kraton saengga kaparingan papan panggonan ing Bugisan, penere ana ing sakulone Pojok Beteng Kulon.
Arak-arakan prajurit Kraton dipandhegani dening Manggalayuda sing biasane diawaki dening putra/rayi dalem Sultan HB.



Sadurunge diarak menyang plataran Masjid Gede, Kauman, gunungane biasane dileremake ing Keben – sangarepe regol Brojonolo (regol utama) Kraton Ngayogyakarta. Sawise prajurite mubeng beteng kraton, banjur mlebu Keben methuk abdi dalemKraton kang ngusung gunungan.


Satekane plataran masjid, gunungane dirayah masyarakat. Ana sawetara sanak tani sing isih percaya manawa gunungan yang digawe saka sayuran, endhok bebek, krupuk mentah, entho-entho (tepung beras dikepeli digoreng nganti warna cokelat) iku bisa nekani kesuburan sawah/kebone.
Sinambi nunggu metune gunungan aku jajan jajanan tradisional kaya gudhangan, endhog abang, jadah&tempe (cara maeme ditumpuk kaya sandwich). Swasana gerebek syawal isih meriah. Mangga takaturi mriksani sawetara foto-fotone kanggo tamba kangen. Utamane sing lenggah ana luar provinsi DiY lan manca negara. Salam

12 Februari, 2009

CERKAK 2


NIKMATE SLAMET
“Wis tau urip mlarat, Mbak?”
Aku mung bisa mlongo krungu pitakone Lani kang ora taknyana-nyana. Nalika ngucap tembung-tembung iku raine datar tanpa ekspresi. Lumrah wae yen dheweke takpencerengi. Lani ora perduli. Mripate isih tetep lurus nyawang dalan. Tangane nyetir mobil Xtrail ireng seri terbaru. Iku mobile kang katelu sing parkir ing omahe.

“Wangsulanmu nyleneh. Aku rak mung weling aja workaholic. Kerja saka esuk tekan esuk maneh, kala-kala nganti lali njaga kesehatan. Omah, mobil, wis duwe. Apa maneh sing digoleki?” wangsulanku ngendhani omongane.
“Aku ya mung takon, apa Mbak Rini wis tahu urip mlarat? Turu ing ngisor jembatan?”
“Pitakonmu kok, aneh. Ya durung, ta? “Pantesan ora ngerti piye rekasane urip mlarat. Aku wis ngrasakke kabeh, Mbak.”
“Wis ta aja dieling-eling maneh. Kuwi crita lama. Nyatane saiki uripmu kepenak.”
“Iki merga aku kerja keras…keras!” Wangsulane karo tangane nggrebrak stir mobil.
“Sing berjuang mentas saka kemiskinan ora mung kowe, kok?
“Aku trauma, Mbak. Trauma dadi gelandhangan. Ora ngerti sapa wong tuwaku, weteng luwe ora bisa turu. Mula aku kudu kerja keras…kerja keras terus kareben ora bali mlarat saanak turunku.”

Aku onjal ambegan. Emoh wangsulan maneh. Yen takterusake wangsulane Lani mesthi saya nggladrah tekan ngendi-endi. Aku trima mingkem rapet apamaneh mobile wis wiwit mlebu plataran omahe. Omah kang asri lan gres. Modele minimalis pancen lagi ngetrend.
Ana telung kamar ing omah iku. Siji kanggo Lani, siji maneh kanggo Bu Sumarah lan ing mburi ana kamar kanggo calon pembantu. Tatanan interiore cocok karo irama kerja lan uripe Lani sing isih lajang lan dinamis. Ing iring omah ana garasi gedhe bisa momot mobil loro. Mobil ireng sing gres diparkir ing carport. Mobil sing gedhe kanggo moda transportasi karyawane, sing loro kanggo gonta-ganti mobilitas dhewekke. Aku rada meri yen meruhi mobil apik-apik iku. Geneya ora meri yen sadina-dina tumpakkanku mung trima sepeda motor. Mula yen lelungan karo Lani, dhewekke mesthi sing ngampiri menyang omahku.






Wiwit cilik dhewekke kayadene adhiku dhewe. Mula aku ora rikuh nyereg pola urip lan pikirane sing berubah drastis. Samubarang sing dialami dakweruhi. Wiwit dhewekke dientasake Bu Sumarah saka ngisor jembatan, banjur diopeni, disekolahake.
Imbal balike, mulih sekolah, Lani kudu mbiyantu Bu Sumarah kang kala iku buka warung soto ayam cedhak omahku. Lani bocah sing sregep, temen, lan lantip pikire, mula Bu Sumarah ora eman ngragadi sekolah. Tamat SMA Lani dikuliahake dening Mas Warsono putra tunggale Bu Sumarah kang wektu iku dadi guru SD. Mas Warsono uga sayang banget marang Lani. Dianggep adhi kandhung sanadyan nyata banget bedane. Pakulitane Lani kuning, mripate sipit. Dene Mas Warsono ireng thuntheng. Kereng. “Don’t judge a book by the cover .” Ngendikane bapakku suwargi. Mas Warsono wonge temen, atine apik tenan.

Emane, umure Mas Warsono ora dawa. Dhewekke ketabrak bus sawise nyabrangake murid-muride ing dalan gedhe ngarep sekolahan. Tangise Bu Sumarah lan Lani ora cukup seminggu. Meh wae Lani putus asa merga wedi ora bisa nerusake sekolah. Tujune Bu Sumarah sadar ora keterusan nglokrone. Bu Sumarah ikhlas, kabeh harta benda lan asuransi kecelakaanne Mas Warsono kanggo ragad kuliahe Lani nganti rampung.
Iku sebabe Lani ora mung kepotangan becik marang Bu Sumarah. Nanging uga nyawa lan masa depane. Nalika Lani kasil dadi sarjana akuntansi, dhewekke berjuang keras dadi akuntan profesional. Dheweke uga ora lali marang ibu angkate. Istilahe gentenan ngepenakkake urip. Bu Sumarah sing wiwit bola-bali gerah diboyong menyang omahe Lani kang gilar-gilar.
“Mbak Rini wis shalat?” pitakone Lani nggugah lamunanku. “Wis meh jam papat, lho.”
“Iya ta? Waduh gara-gara dalane macet dadi kelangan wektu dhuhur. Ndadak dijamak karo Azhar, ki.”
wangsulanku panik. “Ayo barengan wae,” ajakku.
“Wis, Mbak Rini dhewe wae. Aku gampang.”
“Maksude?”
“Ya gampang,” wangsulane Lani banjur ngloyor ngono wae.
Aku paham. Kenya siji kuwi ora tau nglakoni ibadah. Sing dipikir rina klawan wengi mung kerja..kerja lan kerja. Target lan target. Dheweke terlalu keras marang dhiri sendiri nganti lali mikir kapan arep omah-omah.
Sarampunge aku shalat aku ngaruhake Bu Sumarah kang lagi leyeh-leyeh mriksani tivi. Lani wis nunggu tekaku ing teras samping sinambi nyruput kopi.
“Ayo ngopi sik,” kandhane Lani karo nyodhorake cangkir ijo isi kopi.
“Iki sertifikate omah iki. Tulung diuruske ya Mbak. Pokoke oleh modal. Cukup kanggo mbayar lemah sing kita tonton mau. Yen kurang mengko BPKB mobil loro bisa kanggo tambah. Mobil sing ireng durung lunas dadi ora ana BPKB-ne ha..ha..ha…”
Sertifikat daktontoni lembar demi lembar. Lani njaluk tulung supaya aku ngurusake kredit nganggo sertifkat merga aku nyambut gawe ing bank. Sejatine atiku rada gemledheg, geneya Lani saiki dadi ambisius banget arep bisnis properti. Kaya-kaya ora ana syukure marang rejeki kang wis diduweni. Yen dipikir, penghasilane saka profesi akuntan rak wis uakeh. Nyatane bisa tuku omah lan mobile telu. Terus arep kanggo apa dhuwite, anak lan bojo durung duwe.
“Apa ora kejembaren ta lemah mau?”
“Lho yen dikapling bisa dadi ruko pirang-pirang. Yen didol untunge gedhe.”
“Yen untung gedhe dhuwite arep dienggo apa, Lan?
“Ya kanggo investasi, ta. Wis, pokoke Mbak Rini ngurus kreditku wae.”
Aku ora wangsulan maneh merga kelingan wangsulane Lani mau awan. Trauma. Wedi mlarat. Mula sawise nyruput kopi pungkasan, aku pamitan. Bu Sumarah digandheng lani melu nguntapake tekan plataran. Tindake wis katon grayah-grayah. Wis ora gagah kaya limang tahun kepungkur. Dhewekke ndhadhahi aku nalika sepeda motor sing daktumpaki metu saka plataran.
Tekan omah sikilku pegel ora karuan. Sedina muput ngeterake Lani nontoni lemah ing telung lokasi. Yen ora ngelingi hubunganku karo dhewekke wis kaya mbakyu-adhi, rasane memeng.
Sepeda motor dakparkir. Aku banjur adus. Seger pikir seger badanku. Saiki wayahe mbukak laptop, ngecek email ing website sing telung dina wis ora dakbukak. Liwat website aku dodolan lulur segar. Kabeh bahane sarwa tradisional. Pelangganku kejaba kanca kantor, ya saka luar kota. Media sekti aran website iku pancen mbiyantu ekonomi keluargaku.


Laptop daktutup. Aku enggal ngecek persediaan lulur. Pranyata ora nyukupi order. Kepeksa aku ngracik bahan lulur. Bapake anak-anak nganti kapiran ora dicepaki dhahar. Rampung ngolah lulur meh tengah wengi. Badan rasane kaya arep remuk-remuka.
Aku siap mapan turu nalika ana tandha bib hand phone. Lani nelephon.
“Mbak Rini hu…hu…hu…Mbak Rini…hik..hik ..hu…cepet nyang omahku!’
“Ana apa? Iki wis wengi. Kowe nangis…ana apa?”
Ora ana wangsulane Lani. Sing keprungu mung suwarane wong ribut. Atiku wiwit krasa ora kepenak. Aku menyat saka tempat tidur banjur menyang garasi nyandhak sepeda motor. Tanpa pamitan bojo, motor takgas menyang omahe Lani.
Blaik, omah asri kang sore mau isih njenggarang, saiki diamuk geni. Ora ana mobil pemadam kebakaran. Sing ana warga lan mung satpam sing lagi nyirami geni nganggo ember cilik. Ora sebandhing karo geni kang makantar-kantar. Ibu-ibu pating jlerit merga wedi yen genine mrambat menyang omahe. Aku katut panik merga ing perumahan iku ora akeh wong lanang. “Rata-rata sing lanang dhines ing luar kota,” kandhane Lani nalika sepisanan pindhah ing perumahan iku.
Wengi iku dakprangguli Lani lagi ndhekep Bu Sumarah kang katon syok banget. Katon Lani mung nganggo pakaian tidur. Sing digegem mung hand phone.
“Apa sebabe Lan?”
“Listrike mati. Rekane ibu nyulet teplok arep digawa menyang kamarku. Teploke tiba ngobong karpet. Ibu gugup…..”
“Ya wis…wis…kebacut.”
“Entek kabeh Mbak. Sing dakpikir mau mung Ibu. Ibu dakseret metu. Tindake rindhik. Aku ora sempat nylametake apa-apa maneh. Mobil ireng iku slamet merga disurung satpam. Mobil sing ana garasi musna kabeh. Apa salahku?” sambate Lani karo sesenggukan ing kekepanku. Aku ora bisa wangsulan apa-apa. Daktontoni mbaka sethithik geni iku ngluluhake omah saisine. Harta-bendha kebanggaanne Lani oncat saka gegemane.
Sudah bersyukur saja. Bu Lani dan Ibu masih bisa selamat. Harta-benda bica dicari lagi,” pocape wanita sepuh karo ngelus-lus gegere Lani.
Luhku temetes terharu. Iki pacoban abot. Iki pelajaran abot tumrape Lani. Apa Gusti Allah lagi ngajari dheweke carane bersyukur?
***********

GEGURITAN 5


UDAN SAKEPLASAN
Secangkir kopi ora kuwawa nahan mandhege udan
Ing tritisan iki udan wis salin grimis pepayungan langit ireng
Secangkir kopi murugake nostalgia tahun kang wus kawuri
Nalika udan nggrecih nate nyandhet laku kita
Ngeyup ing omah pinggir sawah pinageran Gunung Seulawah
Oii…aku dadi mahluk kang nunggu tekamu udan

Secangkir kopi saiki ora bisa nyandhet lakumu udan
Grimis wis tapis ing langit kulon semburat layung mlengkung
Abang, kuning, biru
Semburat layung menehi isyarat kaya duka malih asmara rikala iku
Nanging ayuning pelangi abang, kuning, biru
Kanggomu mung sawetara, sawise iku ora bisa diburu


TSUNAMI


Mripatmu bening nyapa tekaku
Koksebut bunda diriku karo nyokot brownnis pewewehku
Tuturmu….
Badanmu semampir kayu ing pantai Sabang
Nyawamu montang-manting keli ombak segara
Koksebut Allahu Akbar nyadhong pitulung
Gusti Allah ora sare, ombak segara nguncalake nasibmu
Pisah arah maring ibu lan ayah
Koktuturake lantrahe nasibmu adhiku
Kang Maha Akbar wus nylametake nyawamu
Lir saka amukaning tsunami
Baiturrahman nggathukake kita saiki
Bunda….ibuku nora bisa momongku seki nora bisa menehi brownis kaya iki
Atiku miris..adhiku nangis…

11 Februari, 2009

GEGURITAN 4

MUNGGUHNA AKU
Mungguhna mangsa, kabudayan lan basaku aja nganti ngalami titik bekukadya banyu kang beku dadi es ing Tunggeranong

Mungguhna aku raditya kang bisa nyunari basa lan kabudayanku
Emane aku mung senthir kang remeng-remeng sunare
Nanging aja kleru, nadyan ublik pisan, manawa kasiram lenga patra isih bisa makobar-kobar
(Jakarta, 6 April 2008)

KEMBANG PIKIRKU
Kembang pikirku dudu wewadi
Sakabehe kalair saka tuking ati kanggo ambabar sadaya kang nyalawadi
Kembang pikirku kapethik saka uneg-uneg kang maune saublik
Banjur rinengga pocapane publik dadine pawarta sakedhik
Ana kang ngrasa kajiwit, kajewer apa maneh ketohok
Iku kembang pikir kanggo ngoreksi dudu alat kanggo propagandha
Mbok manawa padha kang dinaden…padha kang dirasa, iki mung upama
Dadi aja muni kembang pikirku nyalawadi kabeh bisa dinetra

KUCIWA
Kembang kang kobalangake ing atiku arane katresnan
Ana rasa cuwa nalika katresnan iku mbisiki
Iki katresnan sawetara
Iki katresnan mawa dahana
Iki katresnan tekane mung samusim lan ora rosa janjine
Oi ….geneya sliramu njaluk balesan katresnan kang nyata?
Mula bener daktinggal lunga
Banjur sliramu mburu nganti godres riwe
Banjur sliramu takon maneh, kenangapa?
Oi…tambah ngengis-ngis diri, aku ora bakal lali perihe
Aku ora bisa…ora bisa menehi katresnan kang abuntut kuciwa

GEGURITAN 3


STASIUN PUNGKASAN I
Mungguhna numpak kreta, lakuku meh tekan stasiun kang pungkasan
Stasiun siji lan sijine wis dakliwati daktinggali tetenger
Ana kang wujud coretan areng, ana kang rinengga rerangkening kembang mawar-mlathi
Emane gerbong sepurku maju-mundur ora karuwan
Dakrasa ana kang ngganjel ing rasa manahku
Penumpang ing gerbongku padha alok; terus..terus…terus maju…
Eman, iramaning rasaku ora njurung lakuning gerbongku njalari sliramu tan antu

Sadurunge stasiun pungkasan sliramu wis mapagi sliraku
Geneya ora sabar nunggu tekaku ing stasiun pungkasan?
Aku ora cidra, ing stasiun pungkasan bakal dakrengga rerangkening kembang arum
Dadi antunen tekaku, antunen esemku





STASIUN PUNGKASAN II

Iki stasiun pungkasan saka laku kang wis suwe ditapaki
Penumpange wis padha bubar. Stasiun sepi lan aku isih nebak wadi
Wewadining urip kang panggah kalimput sewu perkara
Ora bisa miyak sanadyan sawetara
Ora bisa nolak nadyan diupaya
Iki stasiun pungkasan, kudune panjenenganmu paring pitulungan
Mula aku panggah nunggu ing stasiun pungkasan iki
Ngregem panyuwunan ing lelimengan, ngarepi padhanging dalan
Mugi na pituduh menyang endi lakuku jumbuh kersamu

09 Februari, 2009

CERKAK


DOLANAN ASMARA

Lega. Iku kang dirasakake Nadia dina iku, merga kuliahe wis rampung-pung. Praupane sumringah eseme ngembang saben Wisnu, kangmase, njepretake kamera digitale. Awan iku dhewekke sengaja pose entek-entekan ing ngarep kamera kanggo nglampiaske suasana hati kang lagi mekrok-mekroke merga kasil dadi sarjana sastra Inggris. Kuliahe kepeksa mulur sasemester saka targete, patang tahun. Gara-garane, wiwit semester enem dhewekke kepeksa kuliah sinambi ngobyek dadi guru les privat door to door kanggo bocah-bocah SD utawa SMP. Yen ora ngono ora duwe dhuwit kanggo jajan lan tuku buku, merga bapake wis pensiun. Dhuwite pas-pasan. Adhi-adhine ya butuh ragad sekolah.


“Wis ndang kawin Di.!” Aloke Nuri saka kadohan. Nadia nggoleki swara kang akrab ing kupinge.
“Kowe sik, sing wis kebelet kawin. Aku arep keliling donya . Suk yen aku dadi Duta Besar, mertamua nyang omahku, ya,” wangsulane ora kalah serone. Nuri, sahabate saya ngraketake gandhengane ing lengene Momo, pacare.

Nuri lan Momo banjur njejeri Nadia kang lagi siap-siap arep foto bareng Alan. Pemuda kang wis suwe ngincer Nadia. Emane prawan sing kulite kuning langsep iku semaya terus saben arep dilamar.
“Äyo foto sik karo pasangane dhewe-dhewe,” Wisnu kepeksa mbengok merga suarane Nadia karo Nuri ora bisa dipedhot yen wis omong-omongan.
“Iya…ya! Mas, kira-kira sapa sik sing bakalan mantenan?” pitakone Nuri. Nadia menjeb nalika kangmase nunjuk dhirine.
“Dadi mantene yen wis diangkat dadi Duta Besar!” bengoke Nadia ora gelem kalah.
“Istighfar Di, mengko kelakon tenan, lho. Apa arep dadi prawan tuwa, ta?” Nuri wiwit nggodha.
“Wis…wis…ayo eksyen dhisik. Ayo dha mesem!” Wisnu wiwit ora sabar motreti prawan-prawan ayu.
Kamerane langsung dienerake adhine, gendtenan karo Nuri. Eksyene Nuri sok kaya peragawati, dene Nadia mung bisa gehdek-gedhek. Wong tuwane Nadia mecungul saka gerombolan wisudawan.
“Wis awan, ayo mulih. Ibu ndang arep siap-siap masak kanggo syukuran,” aloke Bu Ida, ibune Nadia.
“Bu, Nadia kantun mawon. Mangke kula ingkang ngeteraken wangsul nggih?” ature Alan marang Bu Ida. Wanita iku manthuk lan mesem tandha setuju. Dheweke satus persen pancen setuju yen Alan kang wis duwe gelar sarjana Hubungan Internasional lan wis nyambut gawe enggal nglamar Nadia.
Alan banjur nggeret Nadia ngadohi keluargane. Nadia diajak jagongan ing ngisor wit kersen kang edhum.
“Piye Di, yen mengko bengi sadurunge syukuran daklamar pisan?” pitakone Wisnu sawise ngelap kringete nganggo tisu.
“Mas, aja kesusu, ta. Aku arep nyambut gawe dhisik. Yen wis bisa nyenengake bapak lan ibu, takwenehi kode wis.”
“Di, aku ora bakal nglarang kowe nyambut ….”
“Aku ngerti. Ning aku kepengin berkarir sik.”
“Terus terang wae Di, kowe nolak aku?”
Nadia ora wangsulan. Mripate sing bunder dipoles eye shadow lan karengga idep palsu mandeng Alan tajem.
“Di?”
“Yen Mas Alan wis ngebet kawin. Kawina. Akeh prawan sing luwih siap tinimbang aku.”
“Kowe serius kepengin dadi Duta Besar?
“Ha?”
“Kowe mau ngomong karo Nuri kepengin dadi Duta Besar, ndhisik. Sawise iku lagi kawin. Ati-ati yen omongan. Yen diamini malaikat bisa kelakon, lho. Abot!”
“Ah, aku asal muni, kok. Saka endi nalare aku bisa dadi Duta Besar? Lumrahe rak mas Alan sing dadi Duta Besar. Aku rak mung sarjana Sastra Inggris?”
“Takdir. Sapa sing nyana?”
“Wislah. Ora usah dibahas maneh. Ayo bali. Iki dina kemerdekaanku saka meja kampus. Iki dina kabahagianku. Minggu ngarep aku kudu nyusun strategi masa depan. Yuk, mulih!”
“Di, elingana omonganku. Aja mbangun kunjaran kanggo awakmu dhewe, ya. Kunjaran kang paling nyengsarakke iku kunjaran kang kita bangun dhewe. Duwe karir iku becik wae, ning aja nganti ….”
“Aahh, wis ayo mulih…!”
Nadia narik tangane Alan. Kenya siji iki pancen keras kepala. Nadia narik tangane Alan. Kekarone mlaku sairing tumuju parkiran. Ora ana guneman maneh. Kekarone mbisu. Nadia nutupi sirahe nganggo kipas merga awan iku panase ngedab-edabi. Sawetara Alan nyoba ngedhemake atine merga Nadia isih nutup atine. Atine Alan kemetab merga rumangsa gagal ngyakinake Nadia. Kenya siji iu pancen keras kepala. Apa maneh yen duwe kekarepan.
Alan milih ora teka ing malam syukuran. Keluargane Nadia celingak-celinguk nggoleki Alan, nanging ora wani takon marang Nadia. Utamane Bu Ida wengi iku kuciwa banget. Dheweke wis kebacut nyicil ayem bakal nepungake Alan marang tangga-teparo lan keluargane. Pemuda iku arep ditepungake bakal calone Nadia.
Ora ana sing ngerti atine Nadia wengi iku. Eseme kaumbar ngalor- ngidul manggakake tamu-tamune. Dhewekke katon tenang lan bahagia. Kamangka dheweke uga nunggu tekane Alan. Nganti syukuran bubar, tamu-tamu wis sepi, Alan ora katon.
Nadia mlebu kamar, ungkep-ungkep bantal. Tangise pecah. Gelane ora karuan wis natoni atine Alan. Atine kaya pecah dadi loro. Antarane ngiyani lamarane Alan, utawa terus ngukir karir menyang Jakarta kaya kang wis dirancang mateng. Yen nampa lamaran rencanane jugar.
Tanpa kabar-kabar, satemene dheweke wis ditampa magang kerja ing Departemen Luar Negeri ing Jakarta. Minggu ngarep dheweke kudu wis mlebu kantor. Dheweke pancen oleh gawean saka Pak Adnan, pak like Nevy, muride les. Pak Adnan iku sawijine diplomat. Patemeone karo Pak Adnan dumadi nalika dhewekke ngelesi Nevy, dene Pak Adnan lagi medhayoh ing omahe Nevy ing Ngayogya.




Jepret..jepret…jepret…kilatan kamera foto lan sorotan lampu kamera tivi nyorot praupane Nadia. Bebarengan karo iku Presiden rawuh. Tekane dikawal ajudan lan sekretaris pribadi sarta kairing Menteri Luar Negeri. Presiden banjur jumeneng ing tengah ruang pelantikan.
Dumadakan Nadia gemeteran. Tangane anyep njejet. Mripate ora wani maneh nyawang para tamu undangan kang jumeneng rapi ing suasana resmi iku. Apa maneh dheweke kudu konsentrasi ngrungokake pangandikane Presiden kang dina iku ngangkat lima duta besar, klebu dheweke.
Jabatan iku ditampa sawise Nadia nggegem gelar doktor. Umure meh kepala papat. Dhewekke diwisuda dadi Duta Besar paling mudha. Gelar jentrek-jentrek ing sapungkure jenenge iku ora tau dibayangake Nadia. Dheweke mung nuruti ati, nuruti nasib. Rampung kuliah sijine, banjur kuliah maneh sing bidange beda-beda.
Soal jabatan Duta Besar kang diucapake sawise wisuda mbiyen satemene mung asal muni. Nanging kok nyatane saiki ana gegemane. Apa ya bener kandhane Alan biyen, nalika iku ana malaikat liwat banjur ndherek ngamini pocapane?
Mripate Nadia kemembeng luh. Meh wae tumetes yen ora ndang dilap nganggo tisu. Rampung tandha-tangan, Presiden lan garwane banjur nyalami para duta besar. Nadia ngupayakake ngumbar esem samanis-manise marang para tamu kang padha nyalami, sanadyan ing telenging ati, dheweke ngenes. Wengi iku dheweke ora ana kang ngampingi. Nadia dhewekan nganti upacara bubar. Dheweke ora bisa mangsuli pitakone wartawan, kapan anggone arep njomblo. "Sabar. Mesthi dina endah iku teka," wangsulane diplomatis.
“Selamat, Di,” salah sijine tamu menehi selamat nalika Nadia wiwit ditinggalake wartawan ing njaban istana. Nadia noleh. Mripate kang mblalak ora kedhep. Tutuke mlongo. Dumadakan awake gemeteran. Pria kang menehi ucapan selamat iku isih nyorongake tangane. Rambute kang semu perak kena kilatan lampu.
“Ibu, bisa saya bawakan tasnya?” pitakone sekretaris pribadine kang isih ana sisihe.
“Hm…Farah, tolong bawa semuanya ke mobil. Tunggu aku di sana, ya?
‘’Ibu baik-baik saja ?’’
Nadia manthuk. Farah ninggalake bose sawise ngormati pria kang wis dikenal wiwit dheweke magang ing Kedutaan Mesir. Pria iku Pak Alan, diplomat kang otake cemerlang. Sayang nasibe rada elek. Garwane seda merga ngidhap kanker. Dhudha kembang alias dhudha tanpa anak iku nganti seprene durung kersa rabi maneh. Kamangka akeh staf kang kesengsem. ‘’Aja-aja Pak Alan malah kepencut marang bos’’, guneme Farah ing ati. Dheweke mesam-mesem ngemu wadi.
Pancen bener Alan kepencut Nadia. Ora mung saiki. Malah wiwit puluhan tahun kepungkur. Mula nalika dhewekke krungu Nadia bakal diangkat dadi Duta Besar, dhewekke mulih menyang Indonesia, khusus kanggo nemoni Nadia.
“Suwe ora katon. Menyang endi?” pitakone Nadia rada gemeteran.
“Apuranen luputku, Di. Aku ora teka nyang syukuran wisudamu….”
“Aahhh, wis aja dibahas maneh!” wangsulane Nadia tandhes.
“Nadarmu wis kelakon. Saiki dadi duta besar…?”
“Panjenegan bener malaikat ngamini omonganku.”
“Sliramu arep langsung nikah kaya cita-citamu biyen?”
"Aja ngungkap masa lalu,” wangsulane Nadia lirih. Dheweke gragapan. Ora nyana Alan bakal nembak nganggo pitakonan kaya mangkono. Alan isih tetep pria kang seneng omong to the point. Nadia ora ngerti kudu wangsulan apa. Dheweke bingung, arep nikah karo sapa yen pacar wae ora duwe.

Wiwit wisuda nganti kuliah S2 lan S3, kanca pria akeh, nanging rasane kabeh mung liwat kaya banyu. Nalika umure durung ganep 30 ana pria sing ditaksir, nanging dheweke isin ngatonake. Dadine ya bubar ngono wae. Sawise iku, kala-kala dheweke sing ditaksir pria, nanging atine ora sreg, dadi ya ora ditanggapi. Sarwa mbingungake. Mbareng karire saya dhuwur, kanca-kancane malah padha ngolok-olok. Jarene akeh pria sing naksir, sing wedi saben arep nyedhaki. Merga kalah dhuwur jabatane. Pungkasane malah Nadia jomblo terus. Ewasemana ana enake. Dheweke bisa menikmati urip kaya kang dikarepake. Urusan kawin, tiba keri.
“Sesuai rencanamu Di, saiki sliramu wis dadi Duta Besar, apa arep langsung nikah? Aja lali undhangane, ya? ‘’
‘’Yen aku nikah, sliramu arep rawuh ? ‘’
‘’Lha iya, ta ?’’ wangsulane Alan lirih, aja nganti katon kuciwa.
‘’Lha endi nyonyahmu ?’’
Pitakone Nadia kaya dhodhogi ati. Lambene Alan ora bisa kumecap. Sirahe tumungkul dhalem. Alan onjal ambegan.
‘’Aku wis dhudha. Bojoku tilar donya. Kena kanker.’’
Dheg. Saiki ganti Nadia kang gemeteran. Untune gumereteg. Ati kang meh garing kadya tumetesan embun. Anyles. Asmara kang wis dikubur jero dumadakan kawiyak ndadak. Nadia nyoba nata ati.
‘’Sori, Mas. Sori yen mbangkitake rasa sungkawamu. Aku ndherek bela sungkawa.”
“Ora apa-apa. Di, kersa takterake kondur?”
Nadia nggeleng. Tandha nolak.
‘’Sesuk esuk ana syukuran ing omah. Sliramu kersa rawuh?”
Matane Alan kabukak, blak. Dumadakan kaya ana sinar padhang madhangi raine Nadia . Plataran atine langsung semilak. Oh, plataran istana negara kaya-kaya uga kudanan kembang mawar dadakan. Saka dhadhane Alan keprungu irama asmara, kamangka wis suwe nyenyet. Geneya saiki tetembangan maneh? Sunar ing telenging ati iku bakal dikipasi supaya makobar kaya telung puluh tahun kepungkur.
“Piye? Aku oleh ngeterake kondur?” pitakone Alan keprungu sumringah.
“Sekretaris lan sopirku wis nunggu. Sesuk wae rawuh ing syukuranku.”
“Di, wenehana aku kesempatan. Aja urip ing njero kunjara atimu...”
“Yen wulan ngarep aku nikah, sliramu ana ngendi?”
“Aku? Aa...ku? Aku lungguh ana sisihmu! Kita ngadhepi penghulu bareng, ta? ” Wangsulane Alan sawise suwe ora bisa nemu jawaban liyane.
“Sliramu pancen diplomat sejati,” wangsulane Nadia karo mekarake eseme. Wangsulan kang nggodha ati.

Dhadhane Alan kaya arep bedhah-bedhaha. Langit wengi rinengga lintang melu-melu sorak. Nadia age-age ninggal Alan sing kamitenggengen.

******
Jakarta, Pebruari 2009

KEKANCAN/RELATIONSHIP


Nemu Kanca Anyar

Assalammuallaikum!

Kekancan iku kudu dilandhesi rasa kapercayan. Nambah kanca bisa maneka cara. Yen ing jaman kang sarwa canggih iki, sapa kang bisa nguwasani teknologi informasi, bakal akeh kancane. Nambah kekancan dudu barang kang angel. Kita bisa melu friendster, facebook, utawa mailing list group sing cook karo hobi utawa profesi sing padha.
Aku duwe pengalaman sing rada aneh. Sawijining sore tanpa dirancang tanpa kinira, kancaku tambah siji. Eloke, anggone tetepungan/kekancan mung watara rong jam lan sawise iku nganti seprene ora tau ketemu utawa kontak maneh. Arepa mangkono, wektu kang singkat iku sempat nambah kawruh dan mbukak cara pandanangku kang beda karo biasane.
Critane mangkene. Sapungkase liputan sedane mantan Presiden Soeharto, aku lan kanca fotografer sarta sopir kang ngancani mrana-mrene, arep golek oleh-oleh ing Solo. Sawise nyoba soto kwali ing kawasan Nggading, aku kepengin tuku abon pedhes kang terkenal iku. Tokone ana ing sangarepe Gedhung Aisyiyah, Solo. Nah, tekan kana kok ya pas adzan Ashar. Aku langsung pamit karo fotografer shalat dhisik ing masjid ing sabrang dalan. Shalate pancen kudu gentenan karo kanca fotografer utawa sopir marga ana alat-alat kerja kang ora bisa ditinggal.
Rampung shalat, kanca fotografer lan sopir katon gojeg gayeng karosawijine pria ing sangarepe warung abon. Aku banjur ditepungake. O, rupane pria iku putrane Pak Hendra sing kagugan toko abon. Arane Guh S Mana. Priyayine gapyak sumanak. Dhewekke iku pelukis ekspresionis kebanggane kutha Solo kang wis tau oleh penghargaan saka Musium Rekor Indonesia kang kaping 1.095. karana lukisane Sketsa Seribu Wajah kang nengsemake. Guh Mana iki uga pelkis kang nglukis nganggo media rambut manungsa.
Lagi tengah-tengahe ngobrol Guh takon apa aku seneng ngliput lukisan? “Yen pelukise oke, biasane malah daktulis profil lengkape,” wangsulanku. Obrolanku dadi gayeng-gayenge nalika dumadakan udah deres. Guh ngajak aku sakanca mlebu ing omahe. Ruang tamune kang dawa memburi kebak lukisan. Rata-rata manungsa. Ekspresine ngemu surasa lan kebak warnaning panguripan. Ana siji loro lukisan kembang. Nah, lukisan endah iku narik atiku. (hm..dhasar wanita).
“Lukisane rata-rata anatomi lan praupane wong?” pitakonku keprucut tanpa bisa dicandhet maneh.
“Lukisan iki wis tahu dakpamerake. Judhule Sketsa Seribu Wajah. Entuk Penghargaan saka MURI. Pirang-pirang media cetak uga wis nulis hasil karyaku, ana uga sing nulis profilku wangsulane Guh Mana banjur nudhuhake kliping berita kang nguas lukisan lan profil pribadine.
Guh uga njlentrehake surasane Lukisane Sketsa Seribu Wajah. “Saben wong, duwe sewu praupan lan kekarepan, kapribaden,” ujare. Maknane pancen “jero banget”. Guh Mana pancen bener saben wong kaya-kaya mesthi duwe topeng sewu rupa kang temtune dienggo/dipasang ing praupane jumbuh karo situasi lan kebutuhane. Rak ya, mangkono, to?
“Kejaba nulis, kowe seneng seni apa?” Pitakone Guh ngagetake, merga aku isih mikirake apa kang dituturake sadurunge.
“Yen gawe karya tulis biasane daktulis nganggo basa Jawa,” wangsulanku asal-asalan
Guh S Mana rada kaget nalika dheweke dakkandhani yen aku isih bisa maca huruf Jawa, ha, na, ca, ra, ka. Dhewekke banjur njaluk bukti tulisanku.
“Iki geguritan daktulis dadakan nganggo huruf Jawa. Mangga yen arep dienggo ngrenggani lukisanmu,” kandhaku menehi ide anyar. Pancen aku durung tau weruh ana lukisan rinengga geguritan kang ditulis nganggo huruf Jawa ing ngisor pigurane.
Guh Mana manthuk-manthuk. Praupane sumringah sajak sarujuk karo ideku.
“Taksimpen puisi iki kanggo kenang-kenangan, ya. Aku tersanjung,” wangsulane nggedhekake ati lan rasaku.
Udan deres ing sore iku ganti grimis. Kanca-kancaku isih mengagumi lukisane Guh Mana.Malah fotograferku duwe ide kepengin dadi broker lukisan. Aku ngajak pamitan kanca-kanca.
Nah, kanggo ngaturake panuwun merga wis oleh nunut ngeyup lan kersa njlentrehake maknane lukisan Sketsa Seribu Wajah kang kebak falsafah hidup, geguritan kang sore iku dakwenehake Guh Mana, saiki wis dakbabar ing blog iki. Mangga diwaos yen dhangan ing penggalih.
Pareeeengngnggggg..........

Wassalam
Rini

04 Februari, 2009

UNDHA-USUK BASA

BASAKU BASAMU

Undha_Usuking Basa Kaya Tibane Apel

“Kula tak dhahar riyin nggih Mbak,” ujare Kang Musirin, tukang bangunan kang daksambati mbenakkake gendheng kang padha mlorot.
“Nggih” wangsulanku karo mesem. Mesem, merga geli krungu basane Musirin kang mbasakke awake dhewe nganggo ukara dhahar, kamangka kudune dhewekke nggunakkake ukara nedha kanggo mbasakkake mangan.
Basa Jawa duwe undha-usuk basa/strata bahasa. Trap-trapaning basa kudu cocok utawa jumbuh karo sapa sing omong lan sing diajak omong. Dadi yen kaya Musirin mbasake dhahar kanggo diri pribadi, sawetara kang dijak omong saumuran utawa status sosiale padha utawa luwih dhuwur, dianggep ora pas. Rada “nyekrik”. Iki istilahe para eyang karuyun. Samesthine Musirin milih ukara nedha kanggo ngganti dhahar.
Beda maneh saupamane sing diajak omong Musirin iku anakke dhewe. Dhewekke bisa nganggo ukara dhahar, merga status umure Musirin luwih tuwa ketimbang anakke. “Bapak arep dhahar sik”

Merga ora tegel nglarani atine Musirin kang mbasakake diri-sendiri kuwi, aku ora nyereg utawa ngelokake. Tetep positif thingking. Aku paham, Musirin ora ngerti trep-trepane undha-usuking basa Jawa. Mbok menawa dheweke rumangsa basane wis bener.
Bab ora pener ngetrapake undha-usuking basa ora mung Musirin dhewe sing luput. Akeh bocah jaman saiki kang ora bisa ngetrapake undha-usuking basa. Bocah-bocah produk milenium alias kang lair taun 2000-an apa maneh. Akeh wong tuwa ing tanah Jawa kang kadereng nasionalisme tinggi, migunakkake basa Indonesia kanggo caturan sadina-dina marang putra-putrine. Utawa kuwatir diunekake ketinggalan jaman, malah ana kang caturan nganggo basa Inggris.
Pancen ana plus-minuse caturan nganggo basa Indonesia utawa Inggris. Nanging manawa wong tuwane ora ngajarake basa ibu, akibate, akeh bocah kang ora dhong babar blas omong Jawa. Apa iya kelakon tenan samengkone bangsa Jawa kudu sinau basa ibune ing Jepang, Walanda utawa Amerika? Akeh warga manca negara/luar negeri itu kang saiki kayungyun sinau basa Jawa karana tembang utawa seni gamelan/pewayangan.
Pancen isih ana wong tuwa kang ngajak caturan marang putra-putrane nganggo basa jawa. Emane ora nganggo undha-usuk. Akeh kang karepe apik, nanging akeh kang salah kaprah. Upamane nalika si ibu ndhawuhi putrane adus.
Contone, “Äyo dhik, siram dhisik..” Nah, merga tembung iku diajarake pendhak dina, nalika si anak dewasa basa iku kang dianggep bener. Contone: “...kula siram riyin nggih Bu...” kamangka kudune “.....kula adus rumiyin nggih Bu...”
Dadi dudu salahe si anak ta, manawa “tanpa dosa” akhire dhewekke mbasakkake diri-pribadi kaya si Musirin iku.

Njarag
Apa isih perlu ngetrepake undha-usuking basa Jawa? Satleraman mula kepenak yen caturan nganggo basa ngoko. Rasane bisa ngilangake gap utawa batasan. Batasan status sosial, umur, lan asal-usul.
Wektu iki akeh wong tuwa ngajak caturan anak-anakke nganggo basa ngoko sadina-dina. Nanging apa ya, bener ora butuh undha-usuking basa kanggo ukara-ukara tartemtu?
Mendah isine yen anak/adik kita mbasakkake bapak-ibu nganggo basa ngoko saengga timbul kesan njarag (ora nganggo unggah-ungguh –kurang ajar). Upamane: “Bapak lagi mangan” utawa Bapak lagi maem” Nah, apa ora isin yen tembung iku dirungokake wong liya? (wong liya iku bakal mbatin, - anak kurang ajar-- apa wong tuwane ora ngajari basa kang bener lan pener?)
He..he..he...mbok menawa pancen ya mangkono kedadeane. Basa kang bener lan pener saiki anane mung ana buku pelajaran sekolah. Jam pelajaran basa Jawa ing sekolah wae winates banget. Ora aneh yen pungkasane wawasan undha-usuking basa mung dingerteni sebatas teori. Trap-trapane gumantung kebiasaane ing omah. Yen wong tuwane ngajari basa krama kang bener, anakke melu bener. Yen masa bodhoa ya....sami mawon. Buah apel jatuh tak jauh dari pohonnya.

Jakarta, Pebruari 2009
Salam
Rini

GEGURITAN 2



Sewu Praupan

Ing pojoking dalan daktemu sewu praupan
Sesinglon sewu watak saka sewu keturunan
Ana esem ing saben rupa kasungging kembang anggrek wungu
Ana esem ing saben rupa kasungging kembang melati

(Gurit dadakan iki dakwenehake Guh S.Mana
Pelukis Thousand Face ing Solo 30/1/2008 )


KONDUR

Wong Agung Soeharto nak Desa Kemusuk, Argomulyo, Bantul, wis kondur
Kondur ing pangayunaNe Pangeran
Wong Agung kang sugih bandha, sugih gagasan, sugih strategi, sugih wewarah
Kondur dhewekan mung nyangking buku cathetanne malaikat Rokib lan Atit, ala lan becik
Asma luhure ditinggalake, asma kuceme kececer dadi guneme anak putu bangsa

Wong Agung wis kondur didhisiki bena gung disusuli mendhung jah nggercih
Wong Agung terjange karuyun isih kalimput ing pedhut maneka prastawa
Kasungging esem...kasungging esem....kasungging esem ing sadengah kalodhangan
Cedhak welase marang sanak tani, kadang nelayan
Saiki nggriyenga hai sanak tani, kadang nelayan
Sesinglon esem...sesinglon esem...sesinglon esem nalika nyingkirake lawan
Apa sira sedya kukuh nggunem, apa isih pasang duka yayah sinipi?
Jazade wis kapendhem bumi

Wong Agung tansah kalimput pedhut
Saiki ngadhep Pangeran ketemu kekasih hati
Pesareyane inggil, ing cungkup Arga Sari laladan Giribangun
JanjiNe wis pinesthi...janjiNe Allahu Akbar

Jakarta, 2/2/2008
(Mulih saka Ndherekake Soeharto)
GAZAMU BENA RAH BENA LUH

Roket tinumpang hawa murka ngudani tanah sedulur Gaza
Kurbane godreh rah abang-mbranang, nggegilani manungsa kang sih duwe ati
Roket tinumpang watak sarak nibani bocah-bocah sing durung bisa polah
Rokete pupuran phospor sisa uranium murukake tatu cinacah kecampur rah

Dongaku adikku, anakku, kangmasku, nyawamu syahid tuk sorga tinaah mutiara
Pejuangku ngangkata senjata kanggo numpas angkara murka...keserakahan
tan kamanungsan
Aja gigrik udane bom kang wanine mung mejahi anak dan wanita
Aja tinungkul rikalaa kalah ing gada
Kibarna gendera perjuangan, sirepna gendera putih tandha ajrih
Aja pisan-pisan tumungkul kalah apamaneh nyerah

(Januari 2009)

GEGURITAN 1



MAWAR ABANG

Wayah sore ing plataran atiku rinengga kembang mawar abang kang ngganda arum
Eloke sagagang thukul telung kuntum
Tetelune mekrok elok endah ngedab-edabi
Mendah yen dakpethik sakuntum, nggogrokake kelopak kembang liyane
Mendah emane
Yen ora dakpethik sore iki kaelokane saya nggodha ati
Kemethik-pethik gandane saya nusuk relung jiwaku
Kembang mawar telung kuntum isih wutuh njogrog ing gagang kang temlawung sanjabane pager
Dumadakan aku kuwatir yen dipethik liyan
Dakelus teteluning kembang mawar abang daksawang maneh lan maneh
Nganti srengene meh angslup mawar isih wutuh ing njaban pager
Aku wurung methik salah sijine
Kaendahane wis wiwit ketutup surup sanadyan gandane saya sumebar ing pelataran


MULIH

Embuh wis pirang rina anggenku ninggaleke sajadahmu
Embuh wis sepira dawane sajadah kang kosong tanpa sujud lan dzikirmu
Tan bisa kalintu
Playuku mbedal sesesih
Kang sesisih tinalenan asmamu
Dawa garis ireng daktorehke ing kertas putihmu ora mupus akbarmu
Kecandhet ruh rah jiwaku dening panguwasamu
Panjenengan Dalem nuntun lakuku, mbukakake panduluku, nyuci lesanku lembut kebak asih
Aku bisa mulih tumungkul ing dalemmu kang lebet lan padhang njingglang byar gumebyar
Dalem kang putih resik rinengga saelok-eloking mutiara tantinuku
Ing dalem ageng kang rinengga wulan purnama
Panjenengan Dalem nampa sowanku kang ina teles tumetesing mata
Ruh rah jiwa ragaku wangsul tumungkul
Atiku pasrah sumarah uripku hijrah ing dalemmu kang tanpa tandhing

Assalammuallaikum


Blog iki minangka sarana mujudake katresnanku marang basa, sastra, budaya, lan kesenian Jawa. Panjengan sing kersa maos tlisanku oleh paring komentar apa wae asal ora SARA.
Panjenengan uga oleh pitakon bab basa Jawa. Sauger aku bisa mangsuli, bakal dakcaosi wangsulan.
Lelambaranku nulis ing blog iki mergo aku hobi nulis ngango basa Jawa lan Indonesia. Utamane cerkak lan geguritan.
Prestasiku isih cilik-cilikan. Wis tau nyabet juara nulis geguritan lan cerkak ing Yogyakarta. Tahun 2010 nyabet penghargaan saka Stasiun TV Hallmark Channel Asia, kanggures-ku David Gurnani The Bigest Looser Asia 2010.
Hobbiku liyane, travelling Mula ing blog iki uga ana tulisan perjalananku. Aku uga seneng blusukan menyang pasar tradisional. Kepengin mangerteni budayane sedulur liyan. Aku wis tau dadi reporter ing kalawarti Mardika Basa Jawa Jaka Lodang ing Ngayogyakarta, Tabloid NOVA Jakarta 1994-Juni 2013